4 He Israel, ngrungokna, Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kita, Pangeran Yehuwah iku siji.
5 Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.
6 Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha gatekna,
7 lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu lan rembugen samangsa kowe lagi lungguhan ana ing omahmu, samangsa kowe pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa kowe tangi.
8 Sarta maneh padha talenana ing tanganmu minangka pratandha, lan dadia tenger pangeling-eling ana ing bathukmu,
9 apadene padha tulisana ing pipining lawange omahmu lan ing gapuramu.
10 Anadene besuk samangsa wus kelakon kowe diirid dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu lumebu ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub, bakal diparingake marang kowe, -- kutha-kutha kang gedhe lan endah kang dudu yasanmu,