1 “Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,
2 sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.
3 Karomaneh aja bebesanan karo wong iku, anakmu wadon aja kokolehake karo anake lanang, utawa anake wadon iya aja kokjodhokake karo anakmu lanang;
4 awitdene anakira lanang mesthi bakal didadekake nyimpang saka Ingsun, satemah padha ngabekti marang allah liyane. Manawa mangkono bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe lan kowe enggal bakal katumpes.
5 Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.
6 Marga kowe iku umat kang suci, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe kang dipilih dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing antarane para bangsa kang ana ing salumahing bumi, kadadekake umat kagungane kang kinasihan.