17 Saupama kowe duwe osik: Bangsa-bangsa iku cacahe ngungkuli bangsaku, kapriye anggonku bisa nundhungi?,
18 kowe aja wedi karo wong iku; tansah elinga, apa kang wus dadi pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang Sang Prabu Pringon lan marang saindenge tanah Mesir,
19 yaiku pangrencana-pangrencana kang gedhe, kang wus koksipati dhewe, apadene pratandha-pratandha lan kaelokan sarta asta kang rosa lan lengen kang kaulukake, kang dadi sranane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone ngentasake kowe; iya kaya mangkono uga bakal pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sakehe bangsa kang kokwedeni iku.
20 Karomaneh Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal nekakake tawon nempuh marang bangsa iku, nganti kabeh padha tumpes kang isih kari, sarta kang ndhelik.
21 Aja giris marga saka wong-wong mau, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing tengahmu, Gusti Allah kang mahaagung lan kang nggegirisi.
22 Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal nundhungi para bangsa iku saka ing ngarepmu saka sathithik, ora kena enggal-enggal koktumpes, supaya cacahe buron alas aja nganti kakehan ngluwihi cacahmu.
23 Kaya mangkono anggone bangsa-bangsa mau bakal padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan bakal padha dikisruhake babar pisan, nganti padha tumpes kabeh.