23 Kaya mangkono anggone bangsa-bangsa mau bakal padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan bakal padha dikisruhake babar pisan, nganti padha tumpes kabeh.
24 Dalasan ratu-ratune iya bakal padha diulungake marang ing tanganmu supaya jenenge padha koksirnakake saka ing sangisore langit, ora ana wong siji-sijia kang bisa menang karo kowe, nganti kabeh wus padha koktumpes.
25 Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
26 Lan barang kang jember aja kokgawa lumebu ing omahmu, temah kowe uga bakal katumpes kaya iku; bab iku anggepen nistha lan najis, marga kabeh iku kudu kasirnakake.”