5 Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.
6 Marga kowe iku umat kang suci, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe kang dipilih dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing antarane para bangsa kang ana ing salumahing bumi, kadadekake umat kagungane kang kinasihan.
7 Pangeran Yehuwah anggone katarik panggalihe marang kowe lan anggone milih kowe, iku ora marga saka cacahmu ngungkuli bangsa-bangsa liyane, -- sajatine kowe iku rak cilik dhewe ana ing antarane bangsa-bangsa kabeh --,
8 nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.
9 Kang iku sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang jumeneng Allah, Gusti Allah kang setya-tuhu, kang netepi prasetya lan sih-kadarmane tumrap kang padha tresna ing Panjenengane lan netepi dhawuh-dhawuhe, nganti pirang-pirang ewu turunan,
10 nanging saben wong kang sengit marang Panjenengane, bakal diwales lan disirnakake. Satrune ora diparingi sumene, mesthi terus bae bakal diwales.
11 Mulane kowe padha netepana prentahe, yaiku katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki supaya koklakoni.”