1 “He wong Israel, rungokna. Saiki kowe bakal nyabrang bengawan Yarden, arep lumebu sarta ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang cacahe lan kakuwatane ngungkuli kowe, yaiku kang kutha-kuthane gedhe lan mawa balowarti kang dhuwure nganti sundhul ing langit;
2 bangsa kang gedhe lan dhuwur dedeg-pangadege, wong Enak kang wus koksumurupi lan kokrungu kaloke: Sapa kang bisa menang karo wong Enak?
3 Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.
4 Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu.