11 Sawuse patang puluh dina patang puluh bengi mau, Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, iya papane prasetyan iku.
12 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku, mangkene: Sira ngadega, dienggal mudhuna, awit bangsanira kang sira entasake saka ing tanah Mesir iku wus nglakoni duraka; enggal temen anggone padha nyleweng saka ing dalan kang wus Sundhawuhake, wus padha gawe sesembahan reca cor-coran.
13 Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang aku: Bangsa iki wus Sunsekseni, pancen bangsa kang wangkot.
14 Ingsun aja sira penggak, bangsa iki bakal Suntumpes lan jenenge Sunsirnakake saka ing sangisore langit; nanging sira bakal Sundadekake bangsa kang luwih kwasa lan luwih akeh cacahe tinimbang bangsa iki.
15 Aku banjur mudhun saka ing gunung, kang lagi murub; dene papane prasetyan sakarone daksangga ing tanganku loro.
16 Aku tumuli weruh, sanyata-nyata kowe wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus padha gawe reca pedhet cor-coran; enggal temen anggonmu padha nyleweng saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe.
17 Ing kono papan watu loro mau dakcekel kalawan kenceng banget, dakbanting saka ing tanganku loro, lan dakremuk ana ing ngarepmu.