19 Aku ndhredheg nyumurupi duka lan bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad marang kowe, nganti karsane bakal numpes marang kowe kabeh. Nanging ing sapisan iki Pangeran Yehuwah iya nyembadani panyuwunku.
20 Kamas Harun iya didukani banget, nganti karsane iya bakal ditumpes. Kamas Harun iya dakdongakake uga ing nalika samana.
21 Nanging wohing panggawemu kang dosa, yaiku reca pedhet mau dakjupuk lan dakobong, nuli dakgecak lan dakgiling nganti lembute sabledug; bubukane banjur dakbuwang menyang ing kali kang mili saka ing gunung.
22 Uga ana ing Tabera lan ing Masa sarta ing Kibrot-Taawa kowe tansah padha njalari dukane Pangeran Yehuwah.
23 Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.
24 Malah kowe iku padha nglawan marang Sang Yehuwah wiwit aku wanuh karo kowe.
25 Aku tumuli sujud ana ing ngarsane Sang Yehuwah, -- anggonku sujud patang puluh dina patang puluh bengi --, marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah, yen bakal numpes marang kowe kabeh,