Pangandharing Toret 9:6-12 JAV

6 Kang iku kawruhana, yen ora marga saka lelabetanmu anggone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, maringake nagara kang becik iku marang kowe supaya dadi duwekmu. Satemene kowe iku bangsa kang wangkot.”

7 “Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah.

8 Ana ing gunung Horeb kowe padha njalari dukane Pangeran Yehuwah, malah saka bangeting dukane, nganti kowe arep padha ditumpes.

9 Nalika aku wus munggah ing gunung bakal nampani papan watu, iya papaning prasetyan damelane Pangeran Yehuwah kang wus katetepake karo kowe, aku banjur nginep ana ing dhuwur gunung kono lawase nganti patang puluh dina patang puluh bengi, ora mangan roti lan ora ngombe banyu.

10 Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, isi seratan tapak astane Gusti Allah, kang surasane padha karo pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri dinane pasamuwan.

11 Sawuse patang puluh dina patang puluh bengi mau, Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, iya papane prasetyan iku.

12 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku, mangkene: Sira ngadega, dienggal mudhuna, awit bangsanira kang sira entasake saka ing tanah Mesir iku wus nglakoni duraka; enggal temen anggone padha nyleweng saka ing dalan kang wus Sundhawuhake, wus padha gawe sesembahan reca cor-coran.