41 Anadene bab iku keprungu dening Sang Pangeran Adhonia lan sakehe para uleman kang padha ndherek, nalika lagi bae rampung anggone padha dhaharan. Bareng Senapati Yoab mireng unining kalasangka, banjur ngunandika: “Ana apa ta dene kutha kok rame temen?”
42 Nalika lagi ngunandika iku, Yonatan putrane Imam Abyatar teka. Sang Pangeran Adhonia nuli ngandika: “Lumebua, sabab kowe iku satriya lan mesthi nggawa kabar becik.”
43 Nanging Yonatan matur marang Pangeran Adhonia: “Boten! Gusti kita Sang Prabu Dawud sampun njumenengaken Pangeran Suleman dados ratu.
44 Sang Prabu sampun dhawuh, supados Imam Zadhok, Nabi Natan saha Senapati Benaya bin Yoyadha, tuwin wadya-bala Kreti lan Pleti sami ngiringna Pangeran Suleman, katitihna ing bihalipun Sang Prabu.
45 Imam Zadhok saha Nabi Natan sami njebadi Sang Pangeran wonten ing Gihon kajumenengaken ratu; saking ngrika lajeng sampun sami wangsul kaliyan bingah-bingah, satemah kitha lajeng rame sanget. Punika swara ingkang kapireng punika wau.
46 Sang Prabu Suleman sapunika lenggah ing dhampar keprabon;
47 para punggawanipun Sang Prabu ugi sampun sami sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud sami ngaturaken sugeng, kalayan munjuk: Mugi Gusti Allahipun gusti kawula karsaa damel misuwuring asmanipun Sang Prabu Suleman nglangkungi asma dalem saha dhamparipun mugi nglangkungi agungipun dhampar dalem. Salajengipun Sang Prabu inggih sampun sumungkem sujud wonten ing pasareanipun sarta ngandika makaten: