1 Nalika ratu ing nagara Syeba mireng pawarta bab Sang Prabu Suleman gandheng karo asmane Sang Yehuwah, panjenengane banjur rawuh arep nguji kalawan cangkriman.
2 Rawuhe ing Yerusalem kadherekake ing wadya-bala kang gedhe banget, kalawan unta kang padha diemoti bumbu-bumbu, emas akeh tuwin sesotya kang larang-larang. Bareng wus rawuh ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman banjur ngaturake isining panggalihe kabeh.
3 Dene Sang Prabu Suleman nyaosi wangsulan tumrap sakehe pandangune Sang Raja Putri mau; tumrap Sang Prabu Suleman ora ana prakara kang samar, kang nganti ora bisa kawangsulan.
4 Nalika ratu ing nagara Syeba nguningani sakehing kawicaksanane Sang Prabu Suleman lan padaleman kang wus kayasa,
5 dhaharan ing mejane, patrap anggone para abdine padha lungguh ngadhep, patrap anggone para peladen padha leladi lan anggone padha manganggo, pangunjukane tuwin kurban obaran kang saben-saben kacaosake ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, Sang Raja Putri banget erame.
6 Banjur matur marang Sang Prabu: “Pancen saestu leres pawartos ingkang kula pireng wonten ing nagari kula bab panjenengan tuwin bab kawicaksanan panjenengan,
7 nanging kula boten pitados dhateng pitembungan-pitembungan punika, ngantos kula lajeng mriki saha nyumerepi piyambak; sayektos sapalihipun kemawon dereng wonten ingkang kawartosaken dhateng kula; ing bab kawicaksanan tuwin karaharjan panjenengan nglangkungi kabar ingkang kula pireng.
8 Begja para garwa panjenengan punika, begja para abdi panjenengan ingkang tansah ngladosi panjenengan lan nyumerepi kawicaksanan panjenengan!
9 Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang sampun karenan dhumateng panjenengan, satemah lajeng nglenggahaken panjenengan ing dhamparing karajan Israel! Sarehne Pangeran Yehuwah asih dhateng tiyang Israel ing salami-laminipun, mila nunten njumenengaken panjenengan dados ratu supados nindakaken kaadilan saha kaleresan.”
10 Sang Prabu Suleman banjur kacaosan emas satus rong puluh talenta, anggi-anggi akeh banget lan sesotya kang larang-larang; ora tau ana anggi-anggi maneh kang teka kang samono akehe, kaya kang dicaosake dening ratu ing nagara Syeba marang Sang Prabu Suleman mau.
11 Sarta maneh kapal-kapale Sang Prabu Hiram, kang padha ngangkati emas saka ing Ofir, uga momot kayu cendhana lan sesotya kang larang-larang saka ing Ofir akeh banget.
12 Kayu cendhana iku kaagem dening Sang Prabu damel barang dandanan kanggo padalemaning Pangeran Yehuwah tuwin kadhatoning Sang Prabu lan uga didadekake clempung lan slukat kanggo para penyanyi; kayu cendhana kang kaya mangkono iku saprene ora ana kang teka lan ora ana kang katon maneh.
13 Sang Prabu Suleman nyaosi marang ratu ing nagara Syeba apa bae kang dikarsakake lan kang dipundhut, iku kajabane apa kang wus dicaosake marang panjenengane kang kagalih wus pantes dening Sang Prabu Suleman. Sang Raja Putri nuli kondur menyang ing nagarane kadherekake dening para abdine.
14 Anadene emas kang diladekake marang Sang Prabu Suleman iku ing sajroning sataun bobote ana nem atus sawidak nem talenta,
15 iku durung kapetung kang diunjukake dening para sudagar lan para pedagang sarta dening para ratu ing tanah Arab tuwin para bupati ing nagara kono.
16 Sang Prabu Suleman yasa tameng gedhe rong atus, kang digawe emas gemblengan, saben tameng gedhe siji emase nem atus sekel;
17 panjenengane uga yasa tameng cilik telung atus, kang digawe uga emas gemblengan, siji-sijine emase telung mena; Sang Prabu banjur dhawuh nyimpen iku mau kabeh ana ing gedhong “Alas Libanon”.
18 Sang Prabu uga yasa dhampar gadhing gedhe, kang sinelut ing emas murni.
19 Dhampar iku sungsun enem; sing sisih mburi ana endhas-endhasane bunder, lan ing sisih kiwa-tengene palenggahan ana lengenane. Ing sandhinging lengenan mau ana pepethaning singa loro,
20 dene ing sandhuwure undhak-undhakan ing kiwa-tengene ana singane rolas kang padha ngadeg; durung tau ana karajan kang yasa barang gegawean kang kaya mangkono iku.
21 Sakehing piranti kang kagem ngunjuk Sang Prabu Suleman kang digawe emas lan sakehe barang kang ana ing gedhong “Alas Libanon” iku kang digawe emas murni; ora ana barang salaka, awit nalika jamane Sang Prabu Suleman panganggepe wong salaka iku tanpa aji.
22 Sabab Sang Prabu kagungan kapal-kapal Tarsis ana ing sagara kang manunggal karo kapal-kapale Sang Prabu Hiram, lan saben telung taun sepisan kapal-kapal Tarsis mau teka nggawa emas, salaka lan gadhing, uga kethek lan manuk merak.
23 Kasugihan lan kawicaksanane Sang Prabu Suleman iku ngluwihi sakehing ratu ing bumi.
24 Wong saindenging jagad padha ngupaya pangayunane Sang Prabu Suleman prelu nyumurupi kawicaksanan kang wus kaparingake dening Gusti Allah ana ing sajroning panggalihe.
25 Saben wong kang sowan nggawa pisungsung arupa barang-barang salaka lan barang-barang emas, pangageman, gegaman, anggi-anggi, jaran lan bihal, lumintu ing saben taun.
26 Sang Prabu Suleman uga nglempakake kreta lan wadya-bala jaranan, nganti banjur kagungan kreta sewu patang atus lan wadya-bala jaranan rolas ewu, kabeh iku kapapanake ana ing kutha-kutha kang mligi kanggo ngandhangake kreta, cedhak karo Sang Prabu ana ing Yerusalem.
27 Sang Prabu anggone ndhatengake salaka ana ing Yerusalem kehe nganti kaya watu. Kehe wit eres nganti kaya wit sikmah kang tuwuh ana ing Sefela.
28 Jaran kagem Sang Prabu Suleman ditekakake saka ing Misraim lan ing Kewe; para sudagare Sang Prabu anggone kulak saka Kewe kalawan rega pasar.
29 Kreta kang saka ing Misraim iki siji nganti rega nem atus sekel salaka, dene jaran nganti rega satus seket sekel; iku mau kabeh uga dikirimake marang sakehe para ratune bangsa Het lan para ratu ing tanah Aram lan iya lumantar para sudagar iku.