1 Sawuse mangkono banjur ana lelakon mangkene: Nabot, wong Yizreel, duwe kebon anggur ana ing Yizreel, ing sandhinge kratone Sang Prabu Akhab, ratu ing Samaria.
2 Sang Prabu Akhab ngandika marang Nabot: “Kebon anggurira iku caosna marang ingsun, arep sundadekake kebon sayuran, sabab dumunung ing sacedhake kadhatoningsun. Sira bakal sunparingi kebon anggur kang luwih becik tinimbang iku minangka gantine, utawa manawa sira luwih seneng, ingsun bakal maringi dhuwit marang sira, sapira pangajine.”
3 Unjuke Nabot marang Sang Prabu Akhab: “Pangeran Yehuwah mugi nebihna kawula saking punika, inggih punika manawi kawula ngantos nyaosaken warisan saking para leluhur kawula dhumateng panjenengan dalem.”
4 Sang Prabu Akhab nuli kondur ngedhaton kalawan panggalih rengu lan mendhekel marga saka ature Nabot, wong Yizreel mau marang panjenengane: “Warisan saking para leluhur kawula punika boten badhe kawula caosaken ing ngarsa dalem.” Sang Prabu banjur leyeh-leyeh ing pasareane kalawan ungkeb-ungkeb sarta ora karsa dhahar.
5 Sang Putri Izebel, kang garwa tumuli marak marang ing ngarsane sarta matur marang panjenengane: “Punapa sababipun dene panjenengan dalem rengu, satemah lajeng boten karsa dhahar?”
6 Paring wangsulane Sang Prabu marang Sang Putri: “Marga ingsun wus ngandika marang Nabot, wong Yizreel iku: Kebon anggurira iku caosna marang ingsun kalawan suntumbas, utawa manawa sira luwih seneng, sira bakal sunparingi kebon anggur minangka ijole. Nanging ature: Kebon anggur kawula punika boten badhe kawula caosaken dhumateng panjenengan dalem.”
7 Sang Putri Izebel, kang garwa, matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem rak ingkang sapunika ngasta pangwaosing karajan wonten ing Israel? Sumangga, kawula aturi wungu, sarta dhahar punapa dene dipun eca ing panggalih! Kawula ingkang badhe ngunjukaken dhumateng panjenengan dalem kebon angguripun Nabot tiyang Yizreel punika.”
8 Sawuse mangkono Sang Putri banjur damel serat atas asmane Sang Prabu Akhab, nuli disegel kanthi segeling karajan, tumuli dikintunake marang para pinituwa lan para panggedhe ing kutha panggonane Nabot.
9 Layang mau surasane mangkene: “Sira padha ngundhangna puwasa lan Nabot iku lungguhna ana ing ngarepe rakyat.
10 Nuli sira mapakna wong dursila loro ana ing ngarepe; wong loro iku supaya padha nggugatake dheweke kalawan pandakwa: Kowe wus ngala-ala marang Gusti Allah lan ratu. Sawuse mangkono wong iku gawanen metu lan benturana watu nganti mati.”
11 Wong kang padha tunggal sakutha kalawan Nabot, yaiku para pinituwa lan para panggedhe, kang padha manggon ing kutha mau, padha nglakoni apa sadhawuhe Sang Putri Izebel marang wong-wong mau, ngetrepi surasaning layang kang diparingake marang dheweke kabeh.
12 Padha ngundhangake puwasa lan Nabot dilungguhake ana ing ngarepe rakyat.
13 Sawuse mangkono banjur ana wong loro kang teka, yaiku wong dursila, kang lungguh arep-arepan karo Nabot. Wong dursila loro iku nuli nggugatake Nabot ana ing ngarepe rakyat, pangucape: “Nabot punika sampun ngawon-awon Gusti Allah kaliyan Sang Prabu.” Sawuse iku Nabot didhabyang menyang ing sajabaning kutha nuli dibenturi watu nganti mati.
14 Bareng wus mangkono wong-wong tumuli padha kongkonan wong ngunjuki uninga marang Sang Putri Izebel: “Punika Nabot sampun dipun benturi sela ngantos pejah.”
15 Sang Putri Izebel sawuse midhanget, manawa Nabot wus dibenturi watu nganti mati, banjur enggal-enggal munjuk marang Sang Prabu Akhab: “Sumangga, kawula aturi wungu, kawula aturi mundhut kebon angguripun Nabot, tiyang Yizreel punika, kadosdene kagungan dalem, amargi Nabot, ingkang boten purun nyaosaken kebon angguripun dhumateng panjenengan dalem sarana katumbas punika, sampun boten gesang malih, sampun pejah.”
16 Bareng Sang Prabu Akhab midhanget, manawa Nabot wus mati, banjur enggal-enggal wungu lan tindak menyang ing kebon anggure Nabot, wong Yizreel iku, arep dipundhut dadi kagungane.
17 Nanging tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Elia, wong Tisbe iku, mangkene:
18 “Sira mangkata, nemanana Akhab, ratu ing Israel kang ana ing Samaria. Wong iku lagi menyang ing kebon anggure Nabot, arep diepek.
19 Sira kandhaa marang dheweke mangkene: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira wus mateni lan uga wus ngrampas! Sira uga kandhaa marang wong iku: Makaten Pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing panggonane asu ndilati getihe Nabot, ana ing kono uga asu bakal ndilati getihira.”
20 Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Nabi Elia: “Sira bisa ketemu kalawan ingsun ta saiki, he mungsuhingsun?” Atur wangsulane: “Inggih, pancen sapunika kawula pinanggih kaliyan panjenengan dalem, amargi panjenengan dalem sampun ndadosaken sarira dalem dados budhak kanthi patrap nglampahi punapa ingkang awon wonten ing paningaling Sang Yehuwah.
21 Lah Ingsun bakal nekakake bilai marang sira. Sira bakal Sunsirnakake, samono uga saben wong lanang saka ing panunggalane turune Akhab bakal Suntumpes, iya kang dhuwur iya kang asor kalungguhane ana ing Israel.
22 Sarta kulawarganira bakal Sundamel kaya kulawargane Yerobeam bin Nebat tuwin kaya kulawargane Baesa bin Ahia, amarga sira gawe gerahing panggalihingSun, sarta njalari wong Israel padha nglakoni dosa.
23 Ugi tumrap Sang Putri Izebel Pangeran Yehuwah sampun ngandika: Izebel bakal kapangan ing asu ana ing temboking jaba Yizreel.
24 Panunggalane kulawargane Akhab kang mati ana ing kutha, bakal kapangan ing asu, dene kang mati ana ing ara-ara bakal kamangsa dening manuk ing awang-awang.”
25 Sanyatane pancen durung tau ana wong kang kaya Sang Prabu Akhab anggone ndadekake sarirane dadi budhak kanthi patrap nglakoni apa kang ala ana ing paningale Pangeran Yehuwah, marga saka anggone wus diojok-ojoki dening Sang Putri Izebel, kang garwa.
26 Malah panjenengane wus nglampahi kang nistha banget, yaiku anggone ngetut buri para brahala, plek kaya kang dilakoni dening wong Amori kang wus kakesahake dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.
27 Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan.
28 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Elia, wong Tisbe, mangkene:
29 “Apa sira wus sumurup, manawa Akhab ngesorake awake ana ing ngarsaningSun? Ing sarehne wong iku wus ngesorake awake ana ing ngarsaningSun, Ingsun ora bakal ndhatengake bilai ing sajrone dheweke isih urip. Besuk ing jamane anake Ingsun bakal ndhatengake bilai marang kulawargane.”