1 Kacarita Sang Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, utusan para punggawane sowan menyang ing ngarsane Sang Prabu Suleman, amarga midhanget, manawa Sang Prabu Suleman wus jinebadan dadi ratu nggentosi kang rama, sabab Sang Prabu Hiram iku tansah memitran kalawan Sang Prabu Dawud.
2 Sang Prabu Suleman banjur utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Hiram, kadhawuhan matur:
3 “Panjenengan mirsa, bilih Rama Dawud, rama kula, boten saged ngedegaken padaleman kagem asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun, amargi mengsahipun sami merangi panjenenganipun saking pundi-pundi, satemah lajeng kaulungaken dening sang Yehuwah dhateng ing sangandhaping sampeyanipun.
4 Nanging sapunika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, sampun maringi katentreman dhumateng kula wonten ing pundi-pundi, sampun boten wonten mengsah malih saha boten wonten kasangsaran malih ingkang tumempuh.
5 Saha kauningana, kula manah-manah badhe ngedegaken padaleman kagem asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kula, kadosdene ingkang sampun kaprajanjekaken dening Sang Yehuwah dhateng Rama Dawud, rama kula, makaten: Anakira kang mengko bakal Sunlungguhake ing dhamparira dadi gegentinira, iku kang bakal ngyasakake padaleman kagem asmaningSun.
6 Awit saking punika panjenengan mugi karsaa paring dhawuh negor wit-wit eres ing redi Libanon, tuwin tiyang kula kajengipun sami mbiyantu para abdi panjenengan, wondene epahipun kangge para abdi panjenengan badhe kula caosaken dhateng panjenengan, sapinten kemawon pamundhut panjenengan, amargi panjenengan uninga, bilih panunggilan kula boten wonten ingkang saged negor wit-witan kadosdene tiyang ing Sidon.”
7 Sawuse mireng piwelinge Sang Prabu Suleman iku, Sang Prabu Hiram banget renaning panggalihe sarta banjur ngandika: “Pinujia Sang Yehuwah ing dina iki, amarga Panjenengane wus maringi Sang Prabu Dawud putra kang wicaksana kang ngratoni bangsa kang gedhe iki.”
8 Sang Prabu Hiram nuli utusan abdi matur marang Sang Prabu Suleman mangkene: “Kula sampun tampi paring piwelingipun lumantar utusan panjenengan. Bab kajeng eres saha kajeng beros, kula badhe nindakaken punapa ingkang dados karsa panjenengan.
9 Tiyang-tiyang kula badhe ngandhapaken saking redi Libanon dhateng ing saganten saha badhe kula dhawuhi supados kagandheng-gandheng dados gethekan lajeng kabektaa dhateng ing panggenan ingkang panjenengan tedahaken dhateng kula, wonten ing ngrika nunten sami kabungkara, satemah panjenengan saged dhawuh ngangkati. Dene panjenengan mugi karsaa nyekapi kabetahan kula tedha kangge saisining kraton, sapinten ingkang kula kajengaken.”
10 Mangkono dadine Sang Prabu Hiram nyaosi kayu eres lan kayu beros marang Sang Prabu Suleman, sapira kang dikarsakake.
11 Dene Sang Prabu Suleman banjur nyaosi marang Sang Prabu Hiram gandum rong puluh ewu kor, bahan pangan kanggo saisining kraton, lan lenga cocohan rong puluh kor; iku kang dicaosake dening Sang Prabu Suleman marang Sang Prabu Hiram ing saben taun.
12 Anadene Sang Yehuwah paring kawicaksanan marang Sang Prabu Suleman kaya kang kaprasetyakake marang panjenengane; dadine Sang Prabu Hiram lan Sang Prabu Suleman iku rukun, karo-karone banjur nganakake prajanjian.
13 Sang Prabu Suleman nuli nimbali wong nyangga karya saka ing satanah Israel kabeh, cacahe wong mau ana telung puluh ewu.
14 Iku padha didhawuhi menyang ing gunung Libanon, gilirane saben sasi sepuluh ewu: sajrone sasasi padha ana ing Libanon, rong sasi ana ing ngomah. Adoniram kang dadi kepalane wong nyangga karya mau.
15 Sarta maneh Sang Prabu Suleman kagungan kuli pitung puluh ewu lan tukang tatah wolung ewu ana ing pagunungan,
16 iku durung kapetung para kepalane mandhor Sang Prabu Suleman kang manggedheni pagawean iku, kehe ana telung ewu telung atus; iku kang padha ngulat-ulatake rakyat kang nindakake pagawean iku.
17 Sabanjure Sang Prabu dhawuh supaya wong-wong padha mbrengkali watu kang gedhe-gedhe; watu kang larang-larang kanggo dhasaring padaleman iku watu tatahan.
18 Ing kono para tukange Sang Prabu Suleman lan para tukange Sang Prabu Hiram sarta para wong Gebal padha natahi kayu lan watu kanggo nyadhiyani adege padaleman mau.