1 Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam nuli tindak menyang ing Sikhem, amarga wong Israel kabeh wus padha nglumpuk ana ing Sikhem prelu njumenengake ratu panjenengane.
2 Bareng Yerobeam bin Nebat krungu warta bab iku -- nalika samana dheweke isih ana ing Mesir, sabab lunga ngungsi mrana, nglungani Sang Prabu Suleman -- banjur enggal-enggal bali saka ing tanah Mesir.
3 Wong-wong banjur kongkonan ngundang, Yerobeam iya nuli teka bebarengan karo wong Israel sapasamuwan kabeh lan banjur munjuk marang Sang Prabu Rehabeam:
4 “Rama dalem sampun damel awrating tetanggelanipun dalem sadaya, mila sapunika panjenengan dalem mugi karsaa ngenthengaken padamelan ingkang ngrekaos ingkang kabebahaken dening rama dalem saha tanggelan ingkang awrat ingkang dipun sangkulaken dhumateng kawula sadaya, temah kawula lajeng sami badhe ngabdi dhumateng panjenengan dalem.”
5 Nanging padha diparingi wangsulan mangkene: “Padha mundura nganti besuk emben, nuli padha balia seba marang ingsun.” Rakyat kabeh tumuli padha mundur.
6 Sang Prabu Rehabeam banjur mundhut pamrayoga marang para pinituwa kang sajege sugenge Sang Prabu Suleman, ramane, tansah ngamping-ampingi, pangandikane: “Kapriye pamrayoganira anggoningsun bakal paring wangsulan marang rakyat iku?”
7 Atur wangsulane: “Manawi ing dinten punika panjenengan dalem karsa paring wangsulan kalayan tetembungan ingkang sae, rakyat temtu lajeng badhe ngabdi dhumateng panjenengan dalem ing salaminipun.”
8 Nanging Sang Prabu ora karsa dhahar atur pamrayogane para pinituwa mau, sarta banjur mundhut tetimbangan marang para wong nonoman kang barakan kalawan panjenengane sarta kang ngamping-ampingi panjenengane,
9 pangandikane: “Kapriye panemunira, kapriye anggon kita bakal mangsuli rakyat kang padha matur marang ingsun: Panjenengan dalem mugi karsa ngenthengaken tanggelan ingkang kabebahaken dening rama dalem dhumateng kawula sadaya punika?”
10 Para nonoman barakan dalem mau nuli padha munjuk: “Panjenengan dalem karsaa paring wangsulan dhumateng rakyat, ingkang sampun matur wonten ing ngarsa dalem: Rama dalem sampun damel awrating sesanggenipun dalem sadaya, nanging panjenengan dalem mugi karsa paring kaenthengan dhumateng adalem sadaya -- panjenengan dalem mugi karsaa paring wangsulan makaten: Jenthikingsun luwih gedhe tinimbang lambunge ramaningsun.
11 Mulane saiki mangkene: ramaningsun wus maringi tanggungan kang abot marang sira kabeh, nanging ingsun bakal ngundhaki tanggunganira; ramaningsun wus ngajar sira kabeh kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kalawan sambuk kang mawa eri wesi.”
12 Bareng let rong dina Yerobeam sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Rehabeam karo rakyat kabeh, ngetrepi apa kang didhawuhake dening Sang Prabu: “Besuk emben padha sowana mrene maneh.”
13 Sang Prabu paring wangsulan marang rakyat kalawan sugal; ora mreduli marang atur pamrayogane para pinituwa;
14 kang dipangandikakake marang rakyat iku miturut rembuge para nonoman: mangkene pangandikane: “Ramaningsun ndadekake aboting ayahanira kabeh, nanging ingsun bakal muwuhi bubuhanira iku; ramaningsun wus ngajar sira kabeh kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kalawan sambuk kang mawa eri wesi.”
15 Dadine Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune rakyat, sabab bab iku pancen owah-owahan kang dikarsakake dening Pangeran Yehuwah, supaya Sang Yehuwah saged netepi pangandikane lumantar Nabi Ahia, wong Silo, marang Yerobeam bin Nebat.
16 Bareng wong Israel kabeh sumurup, manawa Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune, rakyat banjur padha ngaturi wangsulan marang Sang Prabu mangkene:“Kita sami tampi panduman punapa saking Sang Prabu Dawud?Kita boten angsal warisan saking putranipun Sang Isai punika!Padha balia menyang ing tarubmu, he wong Israel!Sumangga, Sang Prabu Dawud, sapunika kawula aturi ngurus dalem paduka piyambak!”Wong Israel banjur padha mulih menyang ing tarube,
17 satemah Sang Prabu Rehabeam mung jumeneng dadi ratune para wong Israel kang manggon ing kutha-kutha Yehuda.
18 Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam tumuli ngutus Adoram, panggedhening wong nyangga karya nanging iku banjur dibenturi watu dening wong Israel kabeh nganti mati, malah Sang Prabu Rehabeam meh bae ora bisa nitih kretane mlajeng menyang ing Yerusalem.
19 Kaya mangkono wiwitane anggone wong Israel padha mbalela marang tedhake Sang Prabu Dawud nganti tumeka ing dina iki.
20 Bareng wong Israel kabeh padha krungu, manawa Yerobeam wus bali, banjur kongkonan ngundang supaya nekanana parepatane, tumuli kaangkat dadi ratune wong Israel kabeh. Ora ana kang ndherek tedhake Sang Prabu Dawud, kajaba taler Yehuda.
21 Bareng Sang Prabu Rehabeam wus rawuh ing Yerusalem, banjur nglempakake wong trah Yehuda kabeh lan taler Benyamin, cacahe satus wolung puluh ewu, kabeh wong nonoman kang saguh perang nglawan turune Israel, karsane arep mangsulake karajan iku marang Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman.
22 Nanging banjur ana pangandikaning Allah marang Nabi Semaya, abdining Allah, mangkene:
23 “Sira matura marang Rehabeam, anake Suleman, ratu ing Yehuda, lan marang bangsa iku:
24 Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja padha maju perang lan aja nglawan sadulur-sadulurira, wong Israel. Padha muliha menyang ing omahira dhewe-dhewe, sebab Ingsun kang damel kelakone bab iki.” Wong kabeh padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah lan banjur padha mulih miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah mau.
25 Sawuse mangkono Sang Prabu Yerobeam banjur nyantosani kutha Sikhem ing pagunungan Efraim, nuli dedalem ana ing kono. Tumuli tindak saka ing kono lan nyantosani Pnuel.
26 Sang Prabu Yerobeam ngandika ing sajroning panggalih: “Saiki mbokmanawa karajan bakal bali marang tedhake Dawud.
27 Manawa bangsa iku lunga caos kurban sembelehan ana ing padalemaning Sang Yehuwah ing Yerusalem, bangsa iki atine mesthi bakal mbalik marang gustine, yaiku Rehabeam, raja Yehuda.”
28 Sawuse digalih-galih, Sang Prabu banjur yasa pedhet emas lanang loro sarta banjur ngandika marang wong kabeh: “Wus cukup suwe anggonira padha lunga menyang Yerusalem. He Israel, saiki delengen allah-allahira, kang wus nuntun sira metu saka ing tanah Mesir.”
29 Sapi kang siji nuli kapapanake ana ing Betel, dene sijine ana ing Dhan.
30 Bab iku njalari wong banjur nglakoni dosa, awit rakyat nuli padha menyang Betel prelu nyembah marang reca kang siji, lan menyang ing Dhan nyembah marang reca sijine.
31 Sang Prabu uga yasa omah-omah pamujan ana ing tengger-tengger pangurbanan sarta ngangkat wong-wong kadadekake imam saka ing kalanganing rakyat kang dudu trah Lewi.
32 Sawuse mangkono Sang Prabu Yerobeam mranata dina gedhe ing dina kang kaping limalas sasi wolu, kayadene dina gedhe Yehuda, sarta panjenengane piyambak minggah ing undhak-undhakaning misbyah. Kaya mangkono kang katindakake ana ing Betel: panjenengane caos kurban marang pedhet-pedhet kang wus kadamel mau, tuwin banjur paring bubuhan marang para imam tengger pangurbanan kang wus kaedegake.
33 Panjenengane minggah ing undhak-undhakaning misbyah damelane kang ana ing Betel mau ing dina kang kaping limalas ing sasi kawolu, ing sasi kang wus karancang ing sajroning panggalihe piyambak; panjenengane mranata dina gedhe kanggo wong Israel lan minggah ing undhak-undhakaning misbyah mau prelu mbesmi kurban.