1 Nalika samana Sang Prabu Suleman ndhawuhake pisowane para pinituwaning Israel lan sakehe kepalaning suku, yaiku para panggedhene kulawangsane wong Israel, kadhawuhan padha nglumpuk ing ngarsane ana ing Yerusalem prelu ngusung pethi prajanjiane Sang Yehuwah saka ing kuthane Sang Prabu Dawud, yaiku Sion.
2 Ing dina riyaya ing sasi Etanim, yaiku sasi kang kapitu, wong Israel kabeh padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman.
3 Bareng para pinituwaning Israel wus padha teka kabeh, para imam banjur padha ngangkat pethi mau.
4 Kang padha diusungi pethine Sang Yehuwah lan Tarub Pasewakan sarta sakehe barang kang suci kang dumunung ana ing sajroning tarub iku. Iku kabeh padha diusungi dening para imam lan para wong Lewi.
5 Anadene Sang Prabu Suleman lan sakehe umat Israel kang wus padha nglumpuk ana ing ngarsane, padha bebarengan ngadeg ana ing sangareping tarub tuwin padha nyaosake kurban wedhus lan sapi kang cacahe ora kena kawilang utawa kaetung.
6 Sawuse mangkono para imam banjur padha ngusung pethi prajanjiane Sang Yehuwah mau menyang ing panggonane, ing kamare pungkuran padaleman ing papan sucining-asuci, ing sangisore bener swiwining kerub,
7 awit kerub-kerub mau ngegarake swiwine ing sadhuwure pethi, dadine kerub-kerub iku ngaubi pethi dalah pikulane.
8 Pikulan iku marga saka dawane nganti pucuke katon saka ing papan suci, kang ana ing sangareping kamar pungkuran, nanging ora katon saka ing njaba. Iya ana ing kono iku sumelehe nganti saprene.
9 Ing sajroning pethi iku ora ana apa-apane kajaba mung watu blabagan loro kang didekek ing jero kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, yaiku watu blabagan kang katulisan prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah kalawan wong Israel nalika padha metu saka ing tanah Mesir.
10 Bareng para imam padha metu saka ing pasucen, padalemane Sang Yehuwah banjur kalimputan ing mega,
11 nganti para imam ora tahan ngadeg nindakake pangibadah, marga saka mega iku, jalaran kamulyaning Yehuwah ngebeki padalemane Sang Yehuwah.
12 Ing nalika samana Sang Prabu Suleman nuli ngandika:“Pangeran Yehuwah wus mrenahake srengenge ana ing langit,nanging Panjenengane milaur dedalem ana ing pepeteng.
13 Kawula sapunika sampun yasa padaleman kagem Paduka,papan palereman Paduka ing salami-laminipun.”
14 Sawuse mangkono Sang Prabu nuli minger mberkahi sapasamuwane Israel kabeh, anadene sapasamuwane Israel kabeh padha ngadeg.
15 Sang Prabu ngandika: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel, kang wus ngrampungake kalawan astane apa kang wus kapangandikakake kalawan lesane marang Sang Prabu Dawud, ramaku, mangkene:
16 Wiwit Ingsun ngirid umatingSun Israel metu saka ing tanah Mesir, ing antarane sakehe suku Israel ora ana kutha kang Sunpilih, kang bakal Sundegi padaleman kang dadi padalemaning asmaningSun, nanging Ingsun wus milih Dawud, supaya ngwasani umatingSun Israel.”
17 Sang Prabu nuli nglajengake pangandikane: “Ing nalika Sang Prabu Dawud, ramaku, kagungan karsa arep ngedegake padaleman kagem asmaning Pangeran Yehuwah Allahe Israel,
18 Pangeran Yehuwah ngandika marang panjenengane: Sira duwe karep bakal ngedegake padaleman kanggo asmaningSun, karepira mangkono iku pancen becik;
19 mung bae dudu sira kang bakal ngedegake padaleman iku, nanging anakira dhewe, kang besuk bakal lair, iku kang bakal ngedegake padaleman iku kagem asmaningSun.
20 Dadine Sang Yehuwah wus netepi janji kang wus kapangandikakake; aku wus jumeneng nggenteni Sang Prabu Dawud, ramaku, lan wus nglungguhi dhamparing karajan Israel, ngetrepi pangandikane Sang Yehuwah; aku wus ngedegake padaleman iki kagem asmane Sang Yehuwah,
21 sarta nyadhiyakake papan ana ing kana kanggo pethine, kang ngemot prajanjian kang wus kaanakake dening Sang Yehuwah kalawan leluhur kita, nalika padha kairid dening Panjenengane metu saka ing tanah Mesir.”
22 Sang Prabu Suleman banjur jumeneng ana ing ngarepe misbyahe Sang Yehuwah, kaadhep ing sapasamuwane Israel kabeh, sarta ngegarake astane marang ing langit tuwin munjuk:
23 “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, boten wonten Allah ingkang kados Paduka ing langit nginggil saha ing bumi ngandhap; Paduka ingkang ngugemi prajanjian saha sih-kadarman dhumateng para abdi Paduka, ingkang kanthi gumolonging manahipun lumampah wonten ing ngarsa Paduka.
24 Paduka ingkang nglestantunaken janji Paduka dhumateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, saha ingkang sampun netepi kalayan asta Paduka, punapa ingkang sampun Paduka pangandikakaken kalayan lesan Paduka, kadosdene ingkang kalampahan ing dinten punika.
25 Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka mugi karsaa ngugemi punapa ingkang Paduka janjekaken dhateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, kalayan pangandika Paduka: Turunira ora bakal punggel ana ing ngarsaningSun lan bakal tetep nglungguhi dhamparing karajan Israel, anggere turun-turunira lestari lumaku ana ing ngarsaningSun, padha kaya anggonira lumaku ana ing ngarsaningSun.
26 Milanipun sapunika, dhuh Gusti Allahipun Israel, mugi ta kayektosana kiyating janji ingkang sampun Paduka pangandikakaken dhumateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula.
27 Nanging punapa inggih sayektos Gusti Allah badhe dedalem wonten ing bumi? Saestunipun langit, malah sanadyan langit ingkang wonten ing sanginggilipun langit sadaya, boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.
28 Milanipun Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga saha panyuwunipun abdi Paduka punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, mugi karsaa miyarsakaken panguwuh tuwin pandonga ingkang kaunjukaken dening abdi Paduka wonten ing ngarsa Paduka ing dinten punika!
29 Mugi Paduka karsaa mirsani padaleman punika kalayan paningal Paduka, rinten kalayan dalu, inggih panggenan ingkang Paduka ngandikakaken: AsmaningSun bakal dumunung ana ing kono. Mugi Paduka karsaa midhangetaken pandonga ingkang kaunjukaken ing abdi Paduka wonten ing panggenan punika.
30 Punapa dene karsaa miyarsakaken panyuwunipun abdi Paduka saha umat Paduka Israel ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika; inggih Paduka ingkang midhangetaken wonten ing papan padaleman Paduka ing swarga: lan manawi Paduka miyarsakaken, Paduka inggih badhe paring pangapunten.
31 Manawi wonten tiyang ingkang sampun damel dosa dhateng mitranipun, lajeng dipun wajibaken supaos kalayan ngipat-ipati badanipun piyambak, saha nunten supaos wonten ing sangajengipun misbyah Paduka ing salebeting padaleman punika,
32 Paduka mugi inggih karsaa miyarsakaken wonten ing swarga saha tumindak ngadili para abdi Paduka, inggih punika mratelakaken lepatipun tiyang ingkang lepat kalayan ngebregaken pandamelipun dhateng tiyang punika piyambak, nanging mratelakaken leresipun tiyang ingkang leres kalayan paring piwales dhateng tiyang wau ingkang selaras kaliyan kaleresanipun.
33 Manawi umat Paduka Israel dipun kawonaken dening mengsahipun amargi nglampahi dosa dhumateng Paduka, mangka lajeng sami wangsul mratobat dhumateng Paduka saha ngakeni asma Paduka sarta sami ndedonga tuwin nyenyuwun dhumateng Paduka wonten ing padaleman punika,
34 Paduka mugi karsaa miyarsakaken wonten ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning umat Paduka Israel lan karsaa mangsulaken dhateng ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng leluhuripun.
35 Manawi langit mineb, satemah boten wonten jawah, amargi tiyang-tiyang wau sami nglampahi dosa dhumateng Paduka, mangka lajeng ndedonga wonten ing panggenan punika sarta ngakeni asma Paduka saha sami nyingkur dhateng dosanipun, jalaran sampun Paduka tindhes,
36 mugi Paduka karsaa midhangetaken wonten ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning abdi-abdi Paduka, inggih umat Paduka Israel punika -- amargi Paduka ingkang sampun paring pitedah bab margi ingkang sae ingkang kedah dipun anut -- saha mugi Paduka karsaa paring jawah dhumateng siti Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados tanah-pusakanipun.
37 Manawi ing nagari ngriki katempuh ing paceklik, manawi kataman ing pageblug, ama saha penyakit gandum, walang utawi walang kethaha, manawi mengsah damel rupekipun tiyang-tiyang wau wonten ing salah satunggaling kithanipun, manawi wonten wewelak utawi sesakit punapa kemawon,
38 lajeng wonten tiyang utawi umat Paduka Israel punika sadaya sami ngunjukaken pandonga sarta panyuwunan wonten ing padaleman punika kalayan ngulukaken tanganipun -- awit satunggal-satunggalipun sumerep punapa ingkang damel judheging manahipun piyambak punika --
39 Paduka mugi inggih karsaa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, saha Paduka mugi karsaa paring pangapunten, karsaa tumindak tuwin paring piwales dhumateng sinten kemawon ingkang salaras kaliyan sakathahing lampah-lampahipun, awit Paduka nguningani manahipun -- amargi namung Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya para anaking manungsa --
40 supados tiyang-tiyang wau sami ajrih dhumateng Paduka ing salaminipun sami gesang wonten ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhur kawula sadaya.
41 Makaten ugi manawi wonten tiyang manca, ingkang boten kagolong umat Paduka Israel, ingkang dhateng saking nagari ingkang tebih margi saking asma Paduka, --
42 awit temtu badhe wonten tiyang ingkang kepengin mirengaken bab asma Paduka ingkang ageng saha bab asta Paduka ingkang santosa saha lengen Paduka ingkang Paduka acungaken -- saha dhatengipun wau prelu ndedonga wonten ing padaleman punika,
43 mugi Paduka ugi karsa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapa dene Paduka mugi karsaa tumindak salaras kaliyan sadaya ingkang dipun unjukaken dening tiyang manca wau dhumateng Paduka, supados sadaya bangsa ing bumi sami tepang kaliyan asma Paduka, satemah sami ajrih dhumateng Paduka kados dene umat Paduka Israel saha lajeng sami sumerep, bilih asma Paduka kaucapaken tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.
44 Samangsa umat Paduka ngedali perang nglawan mengsahipun, dhatenga pundi kemawon anggen Paduka ndhawuhi, tuwin manawi lajeng sami ndedonga dhumateng Pangeran Yehuwah kalayan majeng dhateng ing kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,
45 Paduka mugi karsaa miyarsakaken wonten ing swarga dhateng pandonga saha panyuwunipun punapa dene Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhumateng tiyang-tiyang wau.
46 Manawi sami tumindak dosa dhumateng paduka -- amargi boten wonten tiyang ingkang tanpa dosa -- saha Paduka lajeng duka dhateng tiyang-tiyang wau lan Paduka pasrahaken dhateng mengsah, satemah nunten sami kaboyong dados tawanan dhateng ing nagarining mengsah ingkang tebih utawi ingkang celak;
47 mangka lajeng sami enget ing salebeting manahipun wonten ing tanah pamboyongan wau, saha nunten sami mratobat tuwin sami sesambat dhumateng Paduka wonten ing tanahipun ingkang sami mboyongi punika, saha sami munjuk: Kawula sampun sami nglampahi dosa, sami kalepatan tuwin tumindak duraka,
48 manawi lajeng sami wangsul mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manahipun sarta gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun mengsah ingkang mboyongi kadadosaken tawanan wau, punapa malih manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan majeng dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,
49 Paduka mugi karsaa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, dhumateng pandonga tuwin panyuwunanipun saha Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhumateng tiyang-tiyang wau.
50 Paduka mugi karsaa paring pangapunten dhumateng umat Paduka ingkang sampun dosa dhumateng Paduka punika, karsaa ngapunten sakathahing panerakipun ingkang katandukaken dhumateng Paduka punika, saha mugi Paduka karsaa ndadosaken tiyang-tiyang wau sami tampi sih-piwelasipun para tiyang ingkang mboyongi kadadosaken tawanan, satemah lajeng sami dipun welasi,
51 awit punika umat Paduka tuwin kagungan Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir saking satengahing dhapur pangleburan tosan.
52 Paduka mugi karsaa mbikak paningal Paduka tumrap panyuwunanipun abdi Paduka saha tumrap panyuwunanipun umat Paduka Israel sarta mugi Paduka karsaa midhangetaken dhumateng tiyang-tiyang wau, kaping pinten kemawon anggenipun sami nyenyuwun dhumateng Paduka.
53 Amargi Paduka ingkang sampun misahaken tiyang-tiyang wau saking antawisipun sadaya bangsa ingkang wonten ing bumi, Paduka dadosaken kagungan Paduka, kadosdene ingkang sampun Paduka pangandikakaken lumantar Nabi Musa, abdi Paduka, nalika Paduka ngirid leluhur kawula sadaya medal saking ing tanah Mesir, dhuh Pangeran Yehuwah!”
54 Bareng Sang Prabu Suleman wus rampung anggone ngunjukake sakehe pandonga lan panyuwunan marang Sang Yehuwah, panjenengane banjur jumeneng saka ing sangarepe misbyahe Sang Yehuwah yaiku sawuse jengkeng kalawan ngegarake astane marang ing langit.
55 Panjenengane nuli jumeneng lan mberkahi sapasamuwane Israel kabeh kalawan swara sora, pangandikane:
56 “Pinujia Pangeran Yehuwah kang paring papan pangasoan marang umate Israel, ngetrepi apa kang kapangandikakake; sakehe kang becik, kang wus kajanjekake lumantar Nabi Musa, abdine, ora ana siji bae kang ora ditetepi.
57 Pangeran Yehuwah Allah kita, muga karsaa nunggil kalawan kita, kayadene wus nunggil kalawan leluhur kita, muga Panjenengane aja nganti nilar kita lan aja nganti negakake kita,
58 nanging ati kita muga kagendenga marang ing Panjenengane, supaya laku kita metu ing sakehing dalan kang wus katedahake lan supaya kita lestari nindakake sakehe dhawuhe tuwin katetepane sarta pranatane kang kadhawuhake marang leluhur kita.
59 Tembung kang wus dakunjukake marang Sang Yehuwah mau, muga cedhaka kalawan Sang Yehuwah, Allah kita, rina lan wengi, supaya Panjenengane banjur paring kaadilan marang abdine lan marang umate Israel, mawa-mawa kabutuhane ing sadina-dina,
60 supaya sakehing bangsa ing bumi padha sumurup, manawa Sang Yehuwah iku Gusti Allah, lan ora ana liyane,
61 sarta muga kowe kabeh padha lumadi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kalawan gumolonging atimu apadene lakumu muga mituruta ing sakehe katetepane sarta tansah nindakake sakehing prentahe kaya dene ing dina iki.”
62 Sang Prabu kalawan wong Israel kabeh banjur nyaosake kurban sembelehan ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.
63 Minangka kurban slametan marang Sang Yehuwah, Sang Prabu Suleman nyaosake sapi rolikur ewu lan wedhus satus rongpuluh ewu. Kaya mangkono Sang Prabu lan wong Israel kabeh anggone ngresmekake padalemane Sang Yehuwah mau.
64 Ing dina iku uga Sang Prabu nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemane Sang Yehuwah, amarga iya ana ing kono iku anggone panjenengane nyaosake kurban obaran, kurban dhaharan lan sakehe gajihe kurban slametan, amarga misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah iku keciliken manawa kanggo ndekekake kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajihe kurban slametan mau.
65 Sang Prabu Suleman ing wektu iku uga banjur nganakake pahargyan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lawase pitung dina, bebarengan karo wong Israel kabeh, sawijining pasamuwan kang gedhe wiwit ing dalan lumebu marang Hamat nganti tekan ing kaline Mesir.
66 Ing dina kang kaping wolu wong akeh mau padha kadhawuhan bubaran. Wong-wong iku nuli padha nyuwunake berkah Sang Prabu, sawuse mangkono banjur padha mulih menyang ing tarube dhewe-dhewe kalawan suka-suka lan bungah-bungah ing bab sakehing prakara kang becik kang katandukake dening Sang Yehuwah marang Sang Prabu Dawud, abdine, lan marang wong Israel, umate.