1 Nabi Elia, wong Tisbe ing wewengkon tanah Tisbe-Gilead, banjur munjuk marang sang Prabu Akhab: “Demi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, Gusti Allahipun Israel ingkang kawula ladosi, lah badhe boten wonten ebun utawi jawah ing taun-taun punika, kejawi manawi kawula nglairaken tembung kawula.”
2 Nuli ana pangandikaning Pangeran Yehuwah marang panjenengane:
3 “Sira lungaa saka ing kene, lumakua mangetan lan ndhelika ana ing sapinggiring kali Kerit ing sawetane bengawan Yarden.
4 Ngombenira saka ing kali iku, lan Ingsun wus dhawuh marang manuk-manuk gagak supaya menehi mangan marang sira ana ing kono.”
5 Panjenengane banjur tindak lan nindakake apa kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah; panjenengane tindak lan lereb ana ing pinggiring kali Kerit ing sisih wetane bengawan Yarden.
6 Ing wayah esuk lan sore manuk gagak padha nyaosi roti lan daging marang panjenengane dene ngunjuke saka ing kali kono.
7 Nanging bareng wus sawatara mangsa, kali mau nuli asat, sebab ing nagara kono ora ana udan.
8 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Elia:
9 “Sira tata-tataa lan mangkata menyang ing Sarfat, kang klebu ing wilayahe Sidon banjur manggona ing kana. Sumurupa, Ingsun wus dhawuh marang sawijining randha supaya menehi pangan marang sira.”
10 Sawuse mangkono panjenengane nuli tata-tata sarta banjur tindak menyang Sarfat. Bareng wus rawuh ing gapuraning kutha iku, ing kono ana randha kang lagi ripik-ripik. Iku nuli dipangandikani: “Aku bok kok jupukake banyu ing kendhi sathithik bae arep dakombe.”
11 Nalika wong wadon iku mangkat arep njupuk banyu, dipangandikani maneh: “Aku bok kokjupukake roti uga sairis bae.”
12 Ature wong wadon mau: “Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan ingkang gesang, kula saestu boten gadhah roti sanadyan namunga sakedhik, kejawi glepung sagegem wonten ing wadhah kaliyan lisah sakedhik wonten ing guci. Lah sapunika kula saweg nglempakaken kajeng kalih utawi tigang lonjor, lajeng badhe mantuk tuwin ngolah sawontenipun wau kangge kula lan anak kula, saha sasampunipun nedha, kula lajeng sami badhe pejah.”
13 Nanging pangandikane Nabi Elia: “Kowe aja kuwatir, muliha, nglakonana apa kang wus kokkandhakake mau, nanging sadurunge aku olahna roti dhisik, kang cilik bunder siji saka iku, tumuli gawanen mrene, sawuse mangkono banjur olaha kanggo kowe lan anakmu.
14 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Glepung ing wadhah iku ora bakal entek sarta lenga ing guci iku uga ora bakal suda, nganti wus tekan ing titi-mangsane Sang Yehuwah paring udah ana ing bumi.”
15 Wong wadon mau nuli mulih lan nglakoni apa kang dipangandikakake dening Nabi Elia; wasana wong wadon iku lan panjenengane sarta anake wong wadon iku padha bisa mangan nganti antara lawas.
16 Glepung ing wadhah ora entek-entek lan lenga ing guci ora suda, cocog karo pangandikaning Pangeran Yehuwah, kang kalairake lumantar Nabi Elia.
17 Sawuse mangkono anake wong wadon kang duwe omah mau kecandhak lara, mangka larane banget nganti wus ora ana ambekane maneh.
18 Wong wadon iku nuli matur marang Nabi Elia: “Punapa ta karsa panjenengan rawuh ing ngriki punika, dhuh abdining Allah? Anggen panjenengan mriki punika punapa prelu ngengetaken dhateng kalepatan kula saha badhe damel pejahipun anak kula?”
19 Nabi Elia mangsuli pangandikane: “Anakmu iku gawanen mrene.” Bocahe nuli dipundhut dening Nabi Elia saka ing pangkoning wong wadon iku banjur kabekta munggah menyang ing kamare ana ing dhuwur, nuli katurokake ing pasareane.
20 Sawuse mangkono banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah kalawan sora: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula! Punapa Paduka inggih ngganjar cilaka dhateng randha punika, ingkang nampeni kula, tiyang ingkang neneka punika wonten ing griyanipun, kalayan patrap mejahi anakipun?”
21 Panjenengane nuli ngrungkepi bocahe ping telu, lan munjuk kalawan swara sora marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula! Paduka mugi karsaa mangsulaken nyawanipun lare punika dhateng ing badanipun.”
22 Sang Yehuwah njurungi panyuwune Nabi Elia iku, lan nyawane bocahe tumuli bali marang ing awake, temah dadi urip maneh.
23 Nabi Elia banjur mbopong bocah mau lan dibekta mudhun saka ing kamar ing dhuwur menyang ing omah sarta dipasrahake marang ibune. Pangandikane Nabi Elia: “Enya, iki anakmu, wus urip!”
24 Wong wadon mau tumuli matur marang Nabi Elia: “Sapunika kula sumerep, bilih panjenengan punika abdining Allah saha bilih pangandikanipun Sang Yehuwah ingkang panjenengan ucapaken punika pancen leres.”