15 Bareng Sang Prabu Dawud wus ngawonake wong Edom, Senapati Yoab nuli tindak, ngubur para wong kang padha mati sarta sawuse mangkono banjur nyirnakake sakehing wong lanang ing Edom,
16 nganti nem sasi lawase anggone Sang Yoab lereb ana ing kono kalawan Israel kabeh, nganti sakehing wong lanang ing Edom wus padha sirna kabeh.
17 Nanging Sang Hadad oncat, bebarengan karo punggawa sawatara, abdine kang rama, lan ngungsi menyang Mesir; anadene Sang Hadad iku isih timur banget.
18 Anggone padha mangkat saka ing Midian, banjur menyang ing Paran. Ana ing kono ngajak wong sawatara nuli tekan ing Mesir ing ngarsane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir. Sang Hadad kaparingan dalem, lan ditemtokake blanjane sarta diparingi bumi dening Sang Prabu.
19 Sang Prabu Pringon tresna banget marang Sang Hadad, nganti diparingi garwa, yaiku rayine garwane piyambak, rayine Sang Prameswari Takhpenes.
20 Rayine Sang Putri Takhpenes iku tumuli kagungan putra kakung, kang kaparingan asma Genubat; iki banjur kasapih dening Sang Putri Takhpenes ana ing kadhatone Sang Prabu Pringon, mulane Sang Genubat mau dumunung ana ing satengahe para putrane Sang Prabu Pringon piyambak.
21 Nalika kapireng dening Sang Hadad saka ing Mesir manawa Sang Prabu Dawud wus sumare nunggil kalawan para leluhure, sarta Senapati Yoab uga wus seda, Sang Hadad tumuli munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Kawula kalilana wangsul dhateng ing nagari kawula.”