7 Ing nalika iku Sang Prabu Suleman ngedegake tengger pangurbanan kanggo Kamos, dewaning kanisthan sesembahaning wong Moab, ana ing gunung ing sawetane Yerusalem, lan kanggo Molokh, dewaning kanisthan sesembahane wong bani Amon.
8 Mangkono uga panjenengane iya nindakake iku kanggo para garwane kabeh, putri-putri ngamanca, kang padha caos kurban arum-arum lan kurban sembelehan marang para allahe.
9 Marga saka iku Sang Yehuwah banjur duka marang Sang Prabu Suleman, awit panggalihe wus nyimpang saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kaping pindho ngatingal marang panjenengane,
10 sarta kang wus paring dhawuh ing bab iki marang panjenengane, supaya aja nganti manut marang allah-allah liyane, nanging panjenengane ora nindakake apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah.
11 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Sang Prabu Suleman: “Sarehne sira nglakoni mangkono, yaiku sira ora nggondheli marang prajanjian lan sakehing katetepaningSun kang wus Sundhawuhake marang sira, mulane lah Ingsun bakal nyuwek karajan iku saka ing sira lan bakal Sunparingake marang abdinira.
12 Mung bae, ing sajrone sira isih urip, bab iku durung Suntindakake marga saka Dawud, bapakira; anggoningSun bakal nyuwek besuk saka ing tangane anakira.
13 Sanadyan mangkono karajan iku ora bakal Sunsuwek babar pisan, ana taler siji kang bakal Sunparingake marang anakira marga saka abdiningSun Dawud lan marga saka Yerusalem kang wus Sunpilih.”