28 Nabi tuwa mau nuli mangkat lan nemu jisime kang gumlethak ana ing dalan, sarta ndeleng kuldi lan singa kang ngadeg ana ing sandhinge. Singa iku ora mangsa jisim mau lan ora nyempal-nyempal kuldine.
29 Nabi tuwa iku banjur njunjung jisime abdining Allah mau katumpangake ing kuldine nuli kagawa bali menyang ing kuthane dhewe, arep ditangisi lan dikubur.
30 Jisim mau dikubur ana ing kuburane dhewe lan banjur ditangisi: “Adhuh sadherek kula!”
31 Salebare ngubur nuli celathu marang anak-anake: “Manawa aku mati, aku kuburen ana ing kuburan iki nunggal karo abdining Allah iku sarta balung-balungku dekekna ing sandhinge balung-balunge.
32 Amarga tetembungan kang diucapake marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah, marang misbyah kang ana ing Betel iku lan marang sakehing omah pamujan ing tengger-tengger ing kutha-kutha ing Samaria, iku mesthi bakal kelakon temenan.”
33 Sawuse kelakon mau Sang Prabu Yerobeam meksa ora nilar pandamele kang ala iku, nanging isih bae ngadegake imam-imam saka kalangan rakyat kanggo tengger-tengger pangurbanan. Sapa bae kang gelem, iku banjur katetepake dadi imam ing tengger-tengger pangurbanan.
34 Anadene panggawe kang mangkono iku dadi lan dosane tedhake Sang Prabu Yerobeam, satemah banjur padha kasirnakake saka ing salumahing bumi.