1 Para Raja 13:3-9 JAV

3 Ing nalika iku uga wong mau aweh sumurup bab sawijining pratandha kaelokan, tembunge: “Iki pratandha kaelokan, yaiku manawa Pangeran Yehuwah wus ngandika: Lah misbyah iki bakal bengkah, satemah awu kang ana ing dhuwure banjur wutah.”

4 Bareng Sang Prabu Yerobeam midhanget tembunge abdining Allah kang katujokake marang misbyah ing Betel iku, nuli ngathungake astane saka ing sadhuwure misbyah lan dhawuh: “Cekelen wong iku!” Nanging astane kang diathungake marang wong mau banjur dadi kejeng, satemah ora kena dibengkelukake maneh.

5 Misbyahe uga tumuli bengkah, awu kang ana ing dhuwure wutah, cocog karo pratandha kaelokan kang dikandhakake dening abdining Allah marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah mau.

6 Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.

7 Sawuse mangkono Sang Prabu tumuli ngandika marang abdining Allah mau: “Sumangga sesarengan kaliyan kula dhateng ing kraton, kula aturi nungtumaken sarira panjenengan, sasampunipun punika panjenengan badhe kula caosi atur-atur.”

8 Nanging abdining Allah munjuk marang Sang Prabu: “Sanadyan sapalihing kadhaton dalem panjenengan dalem paringaken dhumateng kawula, kawula boten badhe mampir dhateng ing kadhaton dalem; kawula ugi boten badhe nedha roti utawi ngombe toya wonten ing panggenan punika.

9 Amargi makaten dhawuh pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhumateng kawula: Sira aja mangan roti utawa ngombe banyu sarta aja bali metu ing dalan kang wus sira liwati mau.”