8 Nanging abdining Allah munjuk marang Sang Prabu: “Sanadyan sapalihing kadhaton dalem panjenengan dalem paringaken dhumateng kawula, kawula boten badhe mampir dhateng ing kadhaton dalem; kawula ugi boten badhe nedha roti utawi ngombe toya wonten ing panggenan punika.
9 Amargi makaten dhawuh pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhumateng kawula: Sira aja mangan roti utawa ngombe banyu sarta aja bali metu ing dalan kang wus sira liwati mau.”
10 Wong mau banjur lunga metu ing dalan liyane lan ora bali metu ing dalan kang wus diliwati, anggone menyang ing Betel.
11 Ing Betel ana sawijining nabi tuwa. Anak-anake padha teka lan nyeritakake sakehing panggawene abdining Allah ing dina iku ana ing Betel. Uga padha nyeritakake marang bapakne tetembungane kang diaturake marang Sang Prabu.
12 Bapakne nuli takon: “Lungane metu ing dalan ngendi?” Anak-anake nuli padha nuduhake dalan kang diliwati dening abdining Allah kang teka saka ing Yehuda iku.
13 Bapakne banjur kandha marang anak-anake: “Kuldiku abah-abahana!” Kuldine tumuli diabah-abahi;
14 bapakne nuli nunggang lan mangkat nututi abdining Allah mau sarta kepranggul lagi lungguh ana ing sangisoring wit gedhe. Banjur ditakoni: “Punapa panjenengan abdining Allah ingkang rawuh saking Yehuda?” Wangsulane: “Inggih kula punika.”