1 Nalika samana Pangeran Abia, putrane Sang Prabu Yerobeam kecandhak gerah.
2 Sang Prabu Yerobeam banjur ngandika marang kang garwa: “Tata-tataa, nyamura laku cikben ora kasumurupan ing wong, manawa kowe iku garwane Prabu Yerobeam sarta mangkata menyang Silo. Nabi Ahia rak ana ing kana! Iku kang wus meca bab aku, manawa aku bakal jumeneng dadi ratune bangsa iki.
3 Kowe nggawaa roti sepuluh, kuwih kismis lan madu saguci, banjur menyanga ing daleme. Panjenengane bakal paring sumurup marang kowe, kapriye bakal kadadeane bocah iki.”
4 Garwane Sang Prabu Yerobeam iya tumuli nindakake mangkono. Sawuse tata-tata nuli tindak menyang ing Silo sarta banjur lumebet ing daleme Nabi Ahia. Nabi Ahia wus ora bisa mirsani maneh, amarga paningale wus tidha-tidha jalaran wus sepuh.
5 Nanging Yehuwah wus ngandika marang Nabi Ahia: “Lah bojone Yerobeam teka arep takon marang sira bab anake kang lagi lara. Sira kandhaa mangkene-mangkene.”Nalika putri mau lumebet, rewa-rewa wong liya.
6 Nanging bareng Nabi Ahia mireng swarane lampahe putri mau nalika lumebet ing lawang, enggal banjur diacarani: “Sumangga kula aturi lumebet, dhuh garwanipun Sang Prabu Yerobeam! Punapa sababipun dene panjenengan dalem kok ndadak nyamur lampah? Kawula kadhawuhan ngaturaken piweling ingkang awrat dhumateng panjenengan dalem.