1 Para Raja 14:10-16 JAV

10 mulane Ingsun bakal ndhatengake bilai marang turune Yerobeam. Ingsun bakal nyirnakake saben wong lanang saka turune Yerobeam, kang dhuwur lan kang endhek pangkate ana ing Israel. Ingsun bakal nyaponi turune Yerobeam kaya patrape wong nyaponi sesuker nganti resik.

11 Panunggalane turune Yerobeam kang mati ana ing kutha bakal kamangsa dening asu, dene kang mati ana ing ara-ara bakal kapangan dening manuk ing awang-awang. Awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.

12 Nanging panjenengan dalem, sumangga kawula aturi jumeneng saha lajeng kondur. Manawi panjenengan dalem mangke wiwit tumapak ing salebeting kitha, putra punika badhe seda.

13 Tiyang Israel sadaya sami badhe nangisi, saha lajeng badhe nyarekaken, awit dene tedhakipun Sang Prabu Yerobeam inggih namung panjenenganipun ingkang badhe lumebet ing pasarean, awit ing antawising turunipun Sang Prabu Yerobeam inggih namung panjenenganipun punika ingkang kadunungan prakawis ingkang sae wonten ing paningalipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel.

14 Saha Pangeran Yehuwah badhe njumenengaken ratu ing Israel ingkang badhe nyirnakaken turunipun Sang Prabu Yerobeam -- kadosdene lelampahan sapunika ingkang nyata punika.

15 Sasampunipun makaten Sang Yehuwah lajeng badhe ngrangket tiyang Israel, ngantos sempoyongan kados glagah wonten ing toya, saha badhe kabedhol saking ing siti ingkang sae, ingkang sampun kaparingaken dhateng leluhuripun punika, lajeng badhe kasebar wonten ing sabrangipun benawi Efrat, amargi sampun sami damel saka-saka brahala sarta amargi saking makaten lajeng damel gerahing panggalihipun Pangeran Yehuwah.

16 Panjenenganipun badhe ngeculaken tiyang Israel margi saking dosa-dosa ingkang sampun dipun lampahi dening Sang Prabu Yerobeam saha ingkang njalari tiyang Israel inggih lajeng damel dosa.”