1 Para Raja 14:15-21 JAV

15 Sasampunipun makaten Sang Yehuwah lajeng badhe ngrangket tiyang Israel, ngantos sempoyongan kados glagah wonten ing toya, saha badhe kabedhol saking ing siti ingkang sae, ingkang sampun kaparingaken dhateng leluhuripun punika, lajeng badhe kasebar wonten ing sabrangipun benawi Efrat, amargi sampun sami damel saka-saka brahala sarta amargi saking makaten lajeng damel gerahing panggalihipun Pangeran Yehuwah.

16 Panjenenganipun badhe ngeculaken tiyang Israel margi saking dosa-dosa ingkang sampun dipun lampahi dening Sang Prabu Yerobeam saha ingkang njalari tiyang Israel inggih lajeng damel dosa.”

17 Sawuse mangkono garwane Sang Prabu Yerobeam banjur jumeneng lan tindak sarta rawuh ing Tirza. Nalika lagi jumangkah lumebet ing korining kadhaton, sang timur seda

18 lan banjur disarekake; wong Israel padha nangisi kabeh, cocog karo pangandikane Pangeran Yehuwah kang kalairake lumantar Nabi Ahia abdine.

19 Mungguh kekarene riwayate Sang Prabu Yerobeam, anggone andon perang lan anggone ngasta paprentahan, lah iku kabeh wus tinulis ing layang sejarahe para ratu ing Israel.

20 Anadene anggone Sang Prabu Yerobeam ngasta paprentahan lawase rolikur taun, nuli mapan ngaso nunggil karo para leluhure sarta kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

21 Anadene Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman, iku kang ngasta paprentahan ing Yehuda. Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Rehabeam yuswane patang puluh siji taun sarta pitulas taun anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem, kutha kang kapilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane taler Israel kabeh kagem nglestarekake asmane ana ing kono. Dene kang ibu asmane Naama, putri bangsa Amon.