1 Para Raja 14:4-10 JAV

4 Garwane Sang Prabu Yerobeam iya tumuli nindakake mangkono. Sawuse tata-tata nuli tindak menyang ing Silo sarta banjur lumebet ing daleme Nabi Ahia. Nabi Ahia wus ora bisa mirsani maneh, amarga paningale wus tidha-tidha jalaran wus sepuh.

5 Nanging Yehuwah wus ngandika marang Nabi Ahia: “Lah bojone Yerobeam teka arep takon marang sira bab anake kang lagi lara. Sira kandhaa mangkene-mangkene.”Nalika putri mau lumebet, rewa-rewa wong liya.

6 Nanging bareng Nabi Ahia mireng swarane lampahe putri mau nalika lumebet ing lawang, enggal banjur diacarani: “Sumangga kula aturi lumebet, dhuh garwanipun Sang Prabu Yerobeam! Punapa sababipun dene panjenengan dalem kok ndadak nyamur lampah? Kawula kadhawuhan ngaturaken piweling ingkang awrat dhumateng panjenengan dalem.

7 Sumangga kawula aturi tindak, kawula aturi matur dhumateng Sang Prabu Yerobeam: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Ingsun wus njunjung sira saka ing satengahe bangsa iki lan njumenengake sira dadi ratuning umatingSun Israel;

8 Ingsun wus mecah karajane tedhake Dawud sarta Sunparingake marang sira, nanging sira ora kaya abdiningSun Dawud kang tetep nglakoni sakehing dhawuhingSun tuwin manut miturut marang Ingsun kalawan gumolonging atine sarta mung tansah nindakake apa kang bener tumrap paningalingSun.

9 Sarehne sira wus nglakoni panggawe ala ngluwihi sakehe wong sadurunge sira tuwin wus gawe allah liyane lan reca-reca cithakan, temah sira gawe gerahe panggalihingSun, malah sira wus ngungkurake Ingsun,

10 mulane Ingsun bakal ndhatengake bilai marang turune Yerobeam. Ingsun bakal nyirnakake saben wong lanang saka turune Yerobeam, kang dhuwur lan kang endhek pangkate ana ing Israel. Ingsun bakal nyaponi turune Yerobeam kaya patrape wong nyaponi sesuker nganti resik.