1 Para Raja 15:17-23 JAV

17 Sang Prabu Baesa ratu ing Israel mangsah perang menyang ing Yehuda lan banjur nyantosani Rama, kanggo nyegah wong lelungan menyang ing wewengkone Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda.

18 Nanging Sang Prabu Asa banjur mundhut sakehe emas lan selaka kang isih kari ana ing gedhong pasimpenaning padalemane Pangeran Yehuwah lan ing gedhong pasimpenaning kraton nuli katampakake marang para abdine. Iku padha kautus dening Sang Prabu Asa menyang ing ngarsane Sang Prabu Benhadad, bin Tabrimon bin Hezion, ratu ing nagara Aram, kang akedhaton ana ing kutha Damsyik, kalawan kaweling supaya matur:

19 “Wonten satunggaling prajanjian ing antawisipun kula kaliyan panjenengan, ing antawisipun rama kula kaliyan ingkang rama. Lah punika panjenengan kula caosi kintunan jene lan selaka. Sumangga, panjenengan kula aturi medhot prajanjian panjenengan kaliyan Baesa, ratu ing Israel, supados piyambakipun mundur saking wewengkon kula.”

20 Sang Prabu Benhadad njurungi panyuwune Sang Prabu Asa; panjenengane nuli dhawuh marang para panggedhening wadya-balane supaya nempuh kutha-kutha ing Israel sarta banjur nelukake Iyon, Dhan, Abel-Bet-Maakha tuwin sawewengkone Kinerot lan tanah Naftali kabeh.

21 Bareng Sang Prabu Baesa midhanget bab iku, tumuli enggal-enggal kendel anggone nyantosani kutha Rama tuwin banjur tetep ana ing Tirza.

22 Nanging Sang Prabu Asa tumuli ngering wong satanah Yehuda kabeh, ora ana kang ora katut. Iku padha didhawuhi ngangkati watu lan kayu kang diagem Sang Prabu Baesa kanggo nyantosani Rama. Sang Prabu Asa ngagem iku kabeh kanggo nyantosani Geba-Benyamin lan Mizpa.

23 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Asa lan sakehe kaprawirane tuwin sakehe pandamele sarta kutha-kutha kang disantosani, kabeh iku rak wus katulisan ana ing layang sejarahe para ratu ing Yehuda. Nanging bareng wus sepuh Sang Prabu kecandhak gerah sampeyan karo pisan.