1 Para Raja 15:19-25 JAV

19 “Wonten satunggaling prajanjian ing antawisipun kula kaliyan panjenengan, ing antawisipun rama kula kaliyan ingkang rama. Lah punika panjenengan kula caosi kintunan jene lan selaka. Sumangga, panjenengan kula aturi medhot prajanjian panjenengan kaliyan Baesa, ratu ing Israel, supados piyambakipun mundur saking wewengkon kula.”

20 Sang Prabu Benhadad njurungi panyuwune Sang Prabu Asa; panjenengane nuli dhawuh marang para panggedhening wadya-balane supaya nempuh kutha-kutha ing Israel sarta banjur nelukake Iyon, Dhan, Abel-Bet-Maakha tuwin sawewengkone Kinerot lan tanah Naftali kabeh.

21 Bareng Sang Prabu Baesa midhanget bab iku, tumuli enggal-enggal kendel anggone nyantosani kutha Rama tuwin banjur tetep ana ing Tirza.

22 Nanging Sang Prabu Asa tumuli ngering wong satanah Yehuda kabeh, ora ana kang ora katut. Iku padha didhawuhi ngangkati watu lan kayu kang diagem Sang Prabu Baesa kanggo nyantosani Rama. Sang Prabu Asa ngagem iku kabeh kanggo nyantosani Geba-Benyamin lan Mizpa.

23 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Asa lan sakehe kaprawirane tuwin sakehe pandamele sarta kutha-kutha kang disantosani, kabeh iku rak wus katulisan ana ing layang sejarahe para ratu ing Yehuda. Nanging bareng wus sepuh Sang Prabu kecandhak gerah sampeyan karo pisan.

24 Sang Prabu banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, rama leluhure, tuwin banjur digentosi dening Pangeran Yosafat, kang putra.

25 Sang Prabu Nadab, putrane Sang Prabu Yerobeam, anggone wiwit jumeneng ratu ing Israel ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda. Anggone ngasta paprentahan ing Israel suwene rong taun.