1 Para Raja 17:12-18 JAV

12 Ature wong wadon mau: “Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan ingkang gesang, kula saestu boten gadhah roti sanadyan namunga sakedhik, kejawi glepung sagegem wonten ing wadhah kaliyan lisah sakedhik wonten ing guci. Lah sapunika kula saweg nglempakaken kajeng kalih utawi tigang lonjor, lajeng badhe mantuk tuwin ngolah sawontenipun wau kangge kula lan anak kula, saha sasampunipun nedha, kula lajeng sami badhe pejah.”

13 Nanging pangandikane Nabi Elia: “Kowe aja kuwatir, muliha, nglakonana apa kang wus kokkandhakake mau, nanging sadurunge aku olahna roti dhisik, kang cilik bunder siji saka iku, tumuli gawanen mrene, sawuse mangkono banjur olaha kanggo kowe lan anakmu.

14 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Glepung ing wadhah iku ora bakal entek sarta lenga ing guci iku uga ora bakal suda, nganti wus tekan ing titi-mangsane Sang Yehuwah paring udah ana ing bumi.”

15 Wong wadon mau nuli mulih lan nglakoni apa kang dipangandikakake dening Nabi Elia; wasana wong wadon iku lan panjenengane sarta anake wong wadon iku padha bisa mangan nganti antara lawas.

16 Glepung ing wadhah ora entek-entek lan lenga ing guci ora suda, cocog karo pangandikaning Pangeran Yehuwah, kang kalairake lumantar Nabi Elia.

17 Sawuse mangkono anake wong wadon kang duwe omah mau kecandhak lara, mangka larane banget nganti wus ora ana ambekane maneh.

18 Wong wadon iku nuli matur marang Nabi Elia: “Punapa ta karsa panjenengan rawuh ing ngriki punika, dhuh abdining Allah? Anggen panjenengan mriki punika punapa prelu ngengetaken dhateng kalepatan kula saha badhe damel pejahipun anak kula?”