1 Sawuse antara suwe, ing taun kang katelu ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Elia mangkene: “Sira mangkata, ngatona awakira marang Akhab, sabab Ingsun bakal paring udan ana ing bumi.”
2 Nabi Elia nuli tindak ngatingalake sarirane marang Sang Prabu Akhab. Anadene pailan kang tumempuh marang Samaria iku abot banget.
3 Awit saka iku Sang Prabu Akhab wus nimbali Sang Obaja kang dadi panggedhening kraton. Sang Obaja iku priyayi kang temen-temen anggone ngabekti marang Sang Yehuwah.
4 Awit nalika Sang Prameswari Izebel nyirnakake para nabining Sang Yehuwah, Sang Obaja mundhut nabi satus banjur kadhelikake gegrombolan nyeket-nyeket ana ing sajroning guwa, sarta iya rumeksa marang pangan lan ngombene.
5 Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Sang Obaja: “Nagara iki dlajahana lan sakehe sumber lan sakehing kali paranana, bokmanawa kita isih oleh suket kanggo nguripi jaran lan bihal sarta ora usah mateni kewan iku siji-sijia.”
6 Banjur padha mbage-mbage wilayah kang bakal padha didlajahi, Sang Prabu Akhab nuli tindak piyambakan ndlajahi wilayah kang siji, dene Sang Obaja ndlajahi wilayah sijine.
7 Ana ing dalan Sang Obaja kepethuk Nabi Elia. Bareng wus ora pangling marang panjenengane, Sang Obaja tumuli sujud lan matur: “Punapa panjenengan punika bendara kula Elia?”