11 Mangka sapunika panjenengan kok dhawuh: Mangkata, matura marang gustimu: Nabi Elia punika wonten.
12 Bokmanawi saged kelampahan, manawi kula sampun kesah saking ngarsa panjenengan, Rohipun Pangeran Yehuwah lajeng ngangkat panjenengan dhateng panggenan ingkang kula dereng sumerep. Manawi kula ngantos sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Akhab tuwin ngaturi uninga bab panjenengan, sarta panjenengan boten wonten, kula temtu badhe dipun pejahi, mangka ingkang abdi punika wiwit alit ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah.
13 Punapa bendara kula boten kaaturan uninga bab punapa ingkang kula lampahi nalika Sang Prameswari Izebel mejahi para nabining Yehuwah, bilih kula ndhelikaken nabi-nabining Yehuwah satus wonten ing salebeting guwa, saben sagrombolan seket, sarta rumeksa ugi dhateng tedha saha ngombenipun?
14 Mila sapunika, punapa sababipun, dene panjenengan punika dhawuh: Mangkata, matura marang gustimu: Punika Nabi Elia wonten! Kula temtu dipun pejahi dening Sang Prabu.”
15 Paring wangsulane Nabi Elia: “Demi Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kang gesang, kang dakladeni, lah ing dina iki uga aku bakal ngaton marang panjenengane.”
16 Sang Obaja banjur mangkat lan sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Akhab tuwin ngunjuki uninga bab iku. Sang Prabu Akhab nuli tindak manggihi Nabi Elia.
17 Bareng Sang Prabu Akhab mirsa Nabi Elia, enggal tumuli ngandika marang panjenengane: “Kowe ta iku, heh wong kang gawe cilakaning Israel!”