26 Wong-wong mau tumuli njupuk sapi kang diwenehake tuwin padha cecawis sarta banjur nyebut jenenge Baal wiwit esuk tumeka wayah tengange, tembunge: “Dhuh Baal, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula sadaya!” Nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli. Ing kono para nabi mau nuli padha jingklak-jingklak ngubengi misbyah kang digawe dening wong-wong mau.
27 Bareng wayah tengange Nabi Elia wiwit moyoki wong-wong iku, pangandikane: “Anggonmu nyebut sing seru, iku rak allah ta? Bokmanawa lagi ngalamun, bokmanawa lagi ana urusan seje, bokmanawa lagi lelungan; ayake lagi turu, durung tangi.”
28 Mulane wong-wong mau saya seru anggone padha nyebut sarta padha natoni awake kalawan pedhang lan tumbak kaya kang wus dadi adate, satemah getihe dhleweran saka ing awake.
29 Bareng wus kliwat wayah tengange, ngarepake wayahe nyaosake kurban sore, polahe kaya wong kang padha kepanjingan, nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli, ora ana tandha yen kagatekake.
30 Nabi Elia banjur ngandika marang rakyat kabeh: “Padha nyedhaka aku mrene!” Rakyat kabeh nuli padha nyedhaki panjenengane. Nabi Elia banjur mbenakake misbyahe Pangeran Yehuwah kang wus kabubrah.
31 Sawuse iku nuli mundhut watu rolas, miturut cacahe taler tedhake Rama Yakub. -- Rama Yakub iku wus kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah: “Sira bakal ajeneng Israel.” --
32 Watu-watu mau kadamel misbyah demi asmaning Sang Yehuwah, ing sakubenge misbyah diparingi kalenan kang kena diiseni winih rong sukat.