1 Para Raja 18:34-40 JAV

34 Sawuse iku tumuli ngandika: “Njupuka banyu patang jun, esokna ing kurban obaran lan ing kayu-bong iku!” banjur ngandika maneh: “Pindhonana!” Banjur iya dipindhoni. Nuli ngandika maneh: “Ping telonana!” Banjur diping-teloni,

35 nganti banyune mili ing sakubenge misbyah, malah kalenane nganti kebak banyu.

36 Bareng wus wayahe nyaosake kurban sore, Nabi Elia banjur majeng lan munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak saha Israel, ing dinten punika mugi kasumerepana dening tiyang, bilih Paduka punika Gusti Allah wonten ing satengahing Israel saha bilih kawula punika abdi Paduka punapa dene bilih anggen kawula nindakaken prakawis punika sadaya punika awit saking pangandika Paduka.

37 Paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, supados bangsa punika nyumerepana, bilih Paduka punika Gusti Allah, dhuh Yehuwah, saha bilih Paduka ingkang damel mratobating manahipun.”

38 Ing kono genining Sang Yehuwah banjur tumurun lan nyamber kurban obaran, kayu-bong, watu lan lemahe nganti entek gusis, malah banyu ing kalenane uga asat kadilat ing geni mau.

39 Nalika rakyat kabeh ndeleng kadadean iku, tumuli padha sujud sarta ngucap: “Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah! Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah!”

40 Nabi Elia tumuli ngandika marang wong kabeh: “Cekelen nabi-nabi Baal iku, siji bae aja nganti ana kang bisa oncat.” Bareng wus padha dicekel, banjur dibekta dening Nabi Elia menyang ing kali Kison sarta kabeleh ana ing kono.