39 Nalika rakyat kabeh ndeleng kadadean iku, tumuli padha sujud sarta ngucap: “Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah! Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah!”
40 Nabi Elia tumuli ngandika marang wong kabeh: “Cekelen nabi-nabi Baal iku, siji bae aja nganti ana kang bisa oncat.” Bareng wus padha dicekel, banjur dibekta dening Nabi Elia menyang ing kali Kison sarta kabeleh ana ing kono.
41 Sawuse mangkono Nabi Elia nuli matur marang Sang Prabu Akhab: “Kawula aturi tindak, dhahar saha ngunjuk, awit kumrasaking jawah sampun kepireng.”
42 Sang Prabu Akhab banjur tindak tuwin dhahar lan ngunjuk. Nanging Nabi Elia minggah ing pucaking gunung Karmel, banjur jengkeng ing lemah, pasuryane kaapit ing jengkune.
43 Sawuse iku nuli ngandika marang abdine: “Munggaha, ndelenga ing sagara.” Abdine mau banjur munggah, ngungak banjur matur: “Boten wonten punapa-punapa.” Pangandikane Nabi Elia: “Mangkata maneh.” Mangkono nganti rambah kaping pitu.
44 Bareng kaping pitune, abdine mau matur: “Lah wonten mega alit, agengipun saepek-epek, ingkang medal saking saganten.” Nabi Elia nuli ngandika: “Mangkata, matura marang Sang Prabu Akhab: Paduka karsaa ngrakit kareta titihan dalem saha kawula aturi tindak tumedhak, supados sampun ngantos kebetheng ing jawah.”
45 Kacarita ing sakedhap netra langit banjur dadi peteng marga saka mendhung kanthi prahara, tumuli udan deres. Sang Prabu Akhab banjur nitih kreta lan tindak menyang ing Yizreel.