1 Bareng Sang Prabu Akhab paring sumurup marang Sang Prameswari Izebel bab apa kang katindakake dening Nabi Elia lan bab anggone Nabi Elia mejahi sakehing nabi kalawan pedhang,
2 Sang Prameswari Izebel banjur utusan wong nglantarake pangandikane marang Nabi Elia mangkene: “Aku muga diganjara paukuman mangkene dening para allah, malah ngluwihana iku, manawa sesuk kira-kira wayah mangkene iki nyawamu ora dakgawe padha kaya nyawane sawiji-wijine wong iku.”
3 Nabi Elia temah ajrih sarta banjur tindak ngungsi gesang; bareng rawuh ing Bersyeba, kang klebu wewengkon Yehuda, abdine ditilar ana kono.
4 Dene panjenengane piyambak lumebet ing pasamunan dohe nganti lakon sedina, nuli lenggah ing sangisoring wit rotem. Panjenengane banjur kepengin seda, unjuke: “Sampun samanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.”
5 Sawuse mangkono panjenengane nuli leyeh-leyeh lan sare ana ing ngisor wit rotem mau. Nanging dumadakan ana malaekat kang njawil panjenengane kalawan ngandika: “Tangia, mangana!”
6 Bareng mirsani ing sakubenge, ing ulon-ulone ana roti panggang lan kendhi isi banyu. Banjur dhahar lan ngunjuk, tumuli sarean maneh.
7 Nanging malaekate Yehuwah rawuh maneh kang kaping pindhone tuwin njawil panjenengane kalawan ngandika: “Tangia, mangana! Sabab manawa ora, lakunira mengko bakal kadohen tumrap sira.”