1 Para Raja 19:8-14 JAV

8 Mulane panjenengane nuli wungu tuwin dhahar lan ngunjuk, sarta marga saka dayaning dhaharan mau panjenengane banjur bisa tindak nganti patang puluh dina patang puluh bengi suwene, nganti tekan ing gununging Allah, yaiku gunung Horeb.

9 Bareng ana ing kono panjenengane banjur lumebet ing guwa lan nyare ana ing kono. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang panjenengane mangkene: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?”

10 Atur wangsulane: “Sanget-sanget anggen kawula ngudi tumindak ing damel kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun sadaya ingkang tumitah, amargi tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka, sami mbibrahi misbyah-misbyah Paduka saha sami mejahi nabi-nabi Paduka kalawan pedhang; namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih sami kepengin njabut nyawa kawula.”

11 Pangeran banjur ngandika: “Sira metua lan ngadega ana ing dhuwur gunung iki ana ing ngarsaning Sang Yehuwah!”Ing kono Pangeran Yehuwah nuli tindak langkung! Angin gedhe lan banter, kang mbengkahake gunung-gunung lan nggempalake parang-parang ndhisiki tindake Sang Yehuwah. Nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning angin iku. Lan sawuse angin mau banjur ana lindhu. Nanging Sang Yehuwah ora ana ing sajroning lindhu iku.

12 Sawuse lindhu nuli ana geni kang teka, nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning geni kono. Sawuse geni iku tumuli ana swaraning angin kang midid.

13 Bareng Nabi Elia mireng iku, pasuryane banjur ditutupi kalawan ageme jubah sarta nuli miyos lan jumeneng ana ing lawanganing guwa. Banjur mireng swara kang ngandika marang panjenengane: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?”

14 Atur wangsulane: “Kawula tumindak ing damel kalayan sagiyat-giyatipun kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, awit tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka saha mejahi para nabi Paduka kalayan pedhang, nanging kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih kepengin njabut nyawa kawula.”