1 Para Raja 2:1-7 JAV

1 Nalika wektu sedane Sang Prabu Dawud wus cedhak, panjenengane paring piweling marang Sang Prabu Suleman, putrane:

2 “Aku iki bakal lunga ngliwati dalane samubarang kabeh kang ora langgeng, mulane atimu disantosa lan tumindaka kaya wong lanang.

3 Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,

4 lan supaya Pangeran Yehuwah karsaa netepi janji kang kapangandikakake tumrap aku, yaiku: Manawa anak-anakira lanang lakune lestari ana ing ngarsaningSun kalawan setya, kalawan gumolonging ati sarta kalawan gumolonging nyawane, turun-turunira ora bakal ana pedhote anggone nglungguhi dhamparing karajan Israel.

5 Karodene kowe uga nyumurupi apa kang ditandukake marang aku dening Yoab anake Zeruya, apa kang ditandukake marang senapati Israel loro, yaiku Abner bin Ner lan Amasa bin Yeter, Yoab mateni loro-lorone iku sarta ngwutahake getih ing jaman tentrem, kaya-kaya lagi ana perang, satemah sabuking bangkekane lan trumpahe sikile kuthah getih.

6 Mulane tumindaka kalawan kawicaksanan lan aja nganti ngolehake kang uwanen iku tumurun ing jagading wong mati kalawan slamet.

7 Nanging marang anak-anake Barzilai, wong ing Gilead kae, kowe nandukna kamurahaning atimu. Iku cikben klebu ing golongan kang oleh pangan saka ing mejamu, amarga iku padha ngetokake kasetyane, yaiku padha nampani aku nalika aku keplayu saka ing ngarepe kakangmu Absalom.