1 Para Raja 2:29-35 JAV

29 Sang Prabu Suleman nuli kaunjukan uninga, yen Senapati Yoab wus ngungsi menyang ing tarube Pangeran Yehuwah lan wus ana ing sandhinging misbyah. Sang Prabu Suleman nuli dhawuh marang Sang Benaya bin Yoyadha: “Mangkata, patenana wong iku.”

30 Sang Benaya banjur lumebet ing tarube Pangeran Yehuwah lan matur marang Sang Yoab: “Dhawuhipun Sang Prabu: Sira metua.” Ature Sang Yoab: “Boten, sabab kula milaur pejah wonten ing ngriki.” Sang Benaya tumuli ngaturake wangsulan iku marang Sang Prabu, unjuke: “Makaten wicantenipun Yoab lan makaten wangsulanipun dhateng kawula.”

31 Pangandikane Sang Prabu: “Tindakna kaya dene kang diucapake. Patenana wong iku lan banjur kuburen; kalawan mangkono sira ngedohake saka ingsun lan kulawarganingsun kaluputan ing bab getih kang diwutahake dening Yoab tanpa sebab.

32 Dadine Pangeran Yehuwah nempuhake utange getih marang awake dhewe, amarga wong iku wus mateni wong loro kang luwih bener lan luwih becik tinimbang dheweke, yaiku anggone mateni wong loro mau kalawan pedhang ora kanthi kauningan dening ramaningsun Dawud, yaiku Abner bin Ner, senapati Israel lan Amasa bin Yeter, senapatine Yehuda.

33 Mulane getihe wong loro iku bakal tumempuh marang Yoab lan turun-turune ing salawas-lawase, nanging Rama Dawud lan para tedhak-turune lan kulawargane apadene dhampare bakal ginanjar slamet dening Sang Yehuwah nganti ing salawas-lawase.”

34 Sang Benaya bin Yoyadha banjur tindak, Senapati Yoab tinempuh lan kasedanan. Sawuse mangkono banjur kasarekake ing daleme piyambak ana ing pasamunan.

35 Sang Prabu tumuli misudha Sang Benaya bin Yoyadha dadi gegentine Sang Yoab, dadi senapati; tuwin Imam Zadhok kaangkat dening Sang Prabu dadi gegentine Imam Abyatar.