32 Dadine Pangeran Yehuwah nempuhake utange getih marang awake dhewe, amarga wong iku wus mateni wong loro kang luwih bener lan luwih becik tinimbang dheweke, yaiku anggone mateni wong loro mau kalawan pedhang ora kanthi kauningan dening ramaningsun Dawud, yaiku Abner bin Ner, senapati Israel lan Amasa bin Yeter, senapatine Yehuda.
33 Mulane getihe wong loro iku bakal tumempuh marang Yoab lan turun-turune ing salawas-lawase, nanging Rama Dawud lan para tedhak-turune lan kulawargane apadene dhampare bakal ginanjar slamet dening Sang Yehuwah nganti ing salawas-lawase.”
34 Sang Benaya bin Yoyadha banjur tindak, Senapati Yoab tinempuh lan kasedanan. Sawuse mangkono banjur kasarekake ing daleme piyambak ana ing pasamunan.
35 Sang Prabu tumuli misudha Sang Benaya bin Yoyadha dadi gegentine Sang Yoab, dadi senapati; tuwin Imam Zadhok kaangkat dening Sang Prabu dadi gegentine Imam Abyatar.
36 Sawuse mangkono Sang Nata nuli dhawuh nimbali Simei sarta dipangandikani mangkene: “Sira ngedegna omah kanggo sira ana ing Yerusalem banjur enggonana sarta sira aja metu saka ing kono arepa menyang ngendi bae.
37 Amarga sumurupa, samangsa sira metu lan nyabrang ing kali Kidron, sira mesthi bakal dipateni lan getihira bakal tumempuh marang sira dhewe.”
38 Simei banjur munjuk marang Sang Prabu: “Inggih sendika, adalem badhe nglampahi dhawuh dalem Sang Prabu punika.” Simei nuli manggon ana ing Yerusalem nganti antara lawas.