38 Simei banjur munjuk marang Sang Prabu: “Inggih sendika, adalem badhe nglampahi dhawuh dalem Sang Prabu punika.” Simei nuli manggon ana ing Yerusalem nganti antara lawas.
39 Nanging sawuse telung taun banjur kelakon ana bature Simei loro kang minggat menyang ing ngarsane Sang Prabu Akhis bin Maakha, ratu ing Gat; Simei nuli kawartanan: “Kauningana, abdi panjenengan kalih wonten ing Gat.”
40 Simei banjur enggal-enggal ngabah-abahi kuldine nuli mangkat menyang ing Gat, ing wewengkone Sang Prabu Akhis, nggoleki bature mau. Sawuse mangkono tumuli mulih kanthi nggawa batur-bature mau saka ing Gat.
41 Bareng Sang Prabu Suleman diunjuki uninga, manawa Simei mentas lunga saka ing Yerusalem menyang Gat lan saiki wus mulih,
42 Sang Prabu banjur utusan nimbali Simei kang tumuli dipangandikani mangkene: “Sira rak wus sundhawuhi sumpah demi Sang Yehuwah lan wus sunparingi pepeling mangkene: Iki sumurupana kang temenan, yaiku samangsa sira metu lan lunga menyanga ngendi bae, sira mesthi bakal kapatenan. Lan sira wus munjuk: Inggih sendika, adalem badhe nglampahi dhawuh dalem.
43 Yagene dene sira kok ora netepi sumpahira demi Sang Yehuwah iku lan uga dhawuh kang sunparingake marang sira?”
44 Sabanjure Sang Prabu ngandika marang Simei mangkene: “Sira dhewe sumurup ing sajrone atinira marang sakehing piala kang sira tandukake marang Sang Prabu Dawud, ramaningsun, mulane Sang Yehuwah wus nempuhake pialanira iku marang sira dhewe.