12 Bareng Sang Prabu Benhadad, kang nalika iku lagi unjuk-unjukan karo para ratu ana ing pakuwon, midhanget pangandika kang mangkono iku, nuli ngandika marang para punggawane: “Padha tataa baris!”, banjur padha tata baris arep nglawan kutha mau.
13 Nanging dumadakan ana nabi kang sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan matur: “Makaten pangandikaning Yehuwah: Apa sira wus ndeleng sakehing wong kang padha rame-rame iku? Lah ing dina iki iku bakal padha Sunulungake ing tanganira, supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”
14 Sang Prabu Akhab tumuli ndangu: “Sinten ingkang badhe mbiyantu?” Atur wangsulane: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Para neneman pandherekipun para kepala dhaerah.” Sang Prabu ndangu maneh: “Sinten ingkang badhe miwiti perang?” Atur wangsulane: “Panjenengan dalem!”
15 Sang Prabu banjur nacahake para nonoman pandhereke para kepala dhaerah mau. Kehe ana rong atus telung puluh loro, lan sawuse iku banjur ngetang cacahe rakyat kabeh, yaiku wong Israel kabeh. Cacahe ana pitung ewu.
16 Iku padha maju perang, nempuh ing wayah tengange, nalika Sang Prabu Benhadad lagi unjuk-unjukan nganti wuru ana ing pakuwone, bebarengan karo para ratu kang padha mbiyantu kang cacahe telung puluh loro mau.
17 Nalika para nonoman pandhereke para kepala dhaerah iku padha ndhisiki nempuh. Sang Prabu Benhadad tumuli utusan wong kadhawuhan niti-priksa, lan iku padha ngaturi uninga marang panjenengane mangkene: “Wonten tiyang ingkang sami nempuh perang saking Samaria.”
18 Sang Prabu tumuli ngandika: “Wong-wong iku, tekane apa kepengin bedhami apa arep perang, kabeh padha cekelen urip-uripan!”