16 Iku padha maju perang, nempuh ing wayah tengange, nalika Sang Prabu Benhadad lagi unjuk-unjukan nganti wuru ana ing pakuwone, bebarengan karo para ratu kang padha mbiyantu kang cacahe telung puluh loro mau.
17 Nalika para nonoman pandhereke para kepala dhaerah iku padha ndhisiki nempuh. Sang Prabu Benhadad tumuli utusan wong kadhawuhan niti-priksa, lan iku padha ngaturi uninga marang panjenengane mangkene: “Wonten tiyang ingkang sami nempuh perang saking Samaria.”
18 Sang Prabu tumuli ngandika: “Wong-wong iku, tekane apa kepengin bedhami apa arep perang, kabeh padha cekelen urip-uripan!”
19 Nalika iku wong-wong padha metu saka ing sajroning kutha, yaiku para nonoman pandhereke para kepala dhaerah sarta uga wadya-bala kang padha ngetutake.
20 Iku banjur padha mateni mungsuh kang ana ing ngarepe, satemah wong Aram iku nuli padha lumayu, lan dioyak dening wong Israel. Nanging Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram bisa oncat kalawan nitih titihan, bebarengan karo wadya jaranan sawatara.
21 Sang Nata ing Israel uga majeng perang sarta banjur nyirnakake jaran-jaran lan kreta-kreta lan njalari bangeting kalahe wong Aram.
22 Sawuse mangkono nabi mau nuli sowan ing ngarsane Sang Nata ing Israel lan munjuk: “Lah sapunika panjenengan dalem kawula aturi ingkang santosa ing panggalih, kawula aturi nimbang-nimbang saha nggalih punapa ingkang kedah panjenengan dalem tindakaken, awit benjing gumantosing taun ratu ing Aram badhe merangi panjenengan dalem.”