1 Para Raja 20:2-8 JAV

2 Sang Prabu nuli ngintunake utusan menyang ing kutha iku, kadhawuhan sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Benhadad:

3 Kagunganipun jene tuwin selaka punika gadhahan kula, saha para ingkang garwa lan ingkang putra-putra ingkang sami endah ing warni punika ugi gadhahan kula.”

4 Sang Nata ing Israel mangsuli pangandikane: “Kados dene ingkang paduka dhawuhaken, dhuh gusti kawula Sang Prabu, kawula dalah sadaya gadhahan kawula, punika kagungan paduka!”

5 Sawuse iku para utusan mau padha bali lan matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Benhadad: Pancen kula sampun utusan tiyang sowan ing ngarsa panjenengan lan matur: Kagunganipun jene saha selaka, para ingkang garwa saha para ingkang putra kedah sami panjenengan pasrahaken dhateng kula,

6 nanging benjing-enjing kinten-kinten ing wanci makaten, kula badhe ngutus para punggawa kula supados sowan ing ngarsa panjenengan saha nggledhah griyanipun para punggawa panjenengan, sarta punapa ingkang dipun tingali lan dipun pengini badhe dipun pendhet saha badhe dipun bekta.”

7 Sang Nata ing Israel banjur nimbali sakehing tuwa-tuwaning nagara, padha dipangandikani mangkene: “Padha gatekna, wong iki arep gawe cilaka kita, sabab wus utusan wong sowan ing ngarsaningsun njaluk garwa-garwaningsun lan para putraningsun, emas lan selakaningsun sarta ingsun wus saguh masrahake.”

8 Sakehing tuwa-tuwa lan rakyat kabeh padha munjuk: “Sampun dipun pidhangetaken, sampun dipun sagahi!”