1 Para Raja 20:25-31 JAV

25 Panjenengan dalem lajeng karsaa nglempakaken wadya-bala ingkang cacahipun sami kaliyan ingkang tiwas, makaten ugi kapal saha kretanipun cacahipun inggih kados kala rumiyin. Sumangga lajeng sami mengsah perang nglawan tiyang-tiyang punika wonten ing tanah wradin, kita tamtu langkung kiyat katimbang ngrika.” Sang Prabu karsa ndhahar ature iku lan banjur tumindak mangkono.

26 Ing taun candhake Sang Prabu Benhadad mriksa wadya-bala ing Aram banjur majeng perang menyang ing Afek, nglawan wong Israel.

27 Wong Israel uga mriksa barisane sarta sawuse kasangonan nuli mangkat mapagake wong Aram. Wong Israel padha pacak baris adhep-adhepan karo wong Aram, katone kaya wedhus rong pantha, mangka wong Aram tekane kaya dene banjir kang ngelebi nagara iku.

28 Ing kono abdining Allah banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu ing Israel lan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong Aram iku wus ngucap: Pangeran Yehuwah iku allahing gunung lan dudu allahe tanah warata, mulane Ingsun bakal ngulungake wadya-bala kang gedhe iku marang ing tanganira, supaya sira padha sumurup, manawa Ingsun iku Pangeran Yehuwah.”

29 Pitung dina anggone padha pacak baris adhep-adhepan. Nanging ing dina kapitu iku nuli wiwit padha perang lan ing sajroning sedina wong Israel nggecak panunggalane wong Aram wadya-bala dharat satus ewu.

30 Kekarene padha lumayu menyang ing Afek, lumebu ing kutha, nanging temboke ambruk nibani wong pitulikur ewu, yaiku kekarene mau.Nalika samana Sang Prabu Benhadad lumajeng lumebet ing kutha lan ndhelik pindhah-pindhah kamar.

31 Para punggawane nuli padha munjuk marang panjenengane: “Kauningana, kawula sampun sami mireng, bilih para ratu trahing Israel punika ratu ingkang sami ambek mirah. Sumangga sami mangangge bagor ing bangkekan kita saha tangsul ing sirah kita lajeng sami medal sowan ing ngarsanipun Sang Nata ing Israel; bokmanawi panjenengan dalem lajeng dipun gesangi.”