1 Para Raja 20:26-32 JAV

26 Ing taun candhake Sang Prabu Benhadad mriksa wadya-bala ing Aram banjur majeng perang menyang ing Afek, nglawan wong Israel.

27 Wong Israel uga mriksa barisane sarta sawuse kasangonan nuli mangkat mapagake wong Aram. Wong Israel padha pacak baris adhep-adhepan karo wong Aram, katone kaya wedhus rong pantha, mangka wong Aram tekane kaya dene banjir kang ngelebi nagara iku.

28 Ing kono abdining Allah banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu ing Israel lan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong Aram iku wus ngucap: Pangeran Yehuwah iku allahing gunung lan dudu allahe tanah warata, mulane Ingsun bakal ngulungake wadya-bala kang gedhe iku marang ing tanganira, supaya sira padha sumurup, manawa Ingsun iku Pangeran Yehuwah.”

29 Pitung dina anggone padha pacak baris adhep-adhepan. Nanging ing dina kapitu iku nuli wiwit padha perang lan ing sajroning sedina wong Israel nggecak panunggalane wong Aram wadya-bala dharat satus ewu.

30 Kekarene padha lumayu menyang ing Afek, lumebu ing kutha, nanging temboke ambruk nibani wong pitulikur ewu, yaiku kekarene mau.Nalika samana Sang Prabu Benhadad lumajeng lumebet ing kutha lan ndhelik pindhah-pindhah kamar.

31 Para punggawane nuli padha munjuk marang panjenengane: “Kauningana, kawula sampun sami mireng, bilih para ratu trahing Israel punika ratu ingkang sami ambek mirah. Sumangga sami mangangge bagor ing bangkekan kita saha tangsul ing sirah kita lajeng sami medal sowan ing ngarsanipun Sang Nata ing Israel; bokmanawi panjenengan dalem lajeng dipun gesangi.”

32 Sawuse mangkono tumuli padha manganggo bagor ing bangkekane lan tali ing sirahe sarta banjur sowan marang ing ngarsane Sang Nata ing Israel tuwin munjuk: “Abdi paduka Sang Prabu Benhadad matur: Gusti kawula mugi karsaa paring gesang dhumateng kawula.” Paring wangsulane: “Apa panjenengane isih sugeng? Iku rak sadherekingsun.”