1 Para Raja 20:32-38 JAV

32 Sawuse mangkono tumuli padha manganggo bagor ing bangkekane lan tali ing sirahe sarta banjur sowan marang ing ngarsane Sang Nata ing Israel tuwin munjuk: “Abdi paduka Sang Prabu Benhadad matur: Gusti kawula mugi karsaa paring gesang dhumateng kawula.” Paring wangsulane: “Apa panjenengane isih sugeng? Iku rak sadherekingsun.”

33 Wong-wong mau padha nganggep, manawa iku pratandha kang becik, mulane pangandika mau digondheli lan munjuk: “Sang Prabu Benhadad punika pancen sadherek dalem!” Sawuse mangkono Sang Prabu Akhab ngandika: “Padha mangkata, panjenengane dherekna mrene!” Dadine Sang Prabu Benhadad banjur miyos lan sowan ing ngarsane, tumuli kaajak nitih kreta.

34 Sang Prabu Benhadad matur: “Kitha-kitha ingkang karebat dening rama kawula saking rama paduka, badhe kawula unjukaken wangsul; salajengipun bokbilih paduka ngersakaken badhe yasa peken wonten ing Damsyik kagem paduka, sumangga, inggih kados dene anggenipun rama kawula yasa wonten ing Samaria.” “Dene kula piyambak,” mangkono pangandikane Sang Prabu Akhab, “badhe ngaturi panjenengan kondur sasampunipun ngawontenaken prajanjian.” Sang Prabu Akhab nuli damel prajanjian kalawan panjenengane, sarta banjur nglilani panjenengane kondur.

35 Tumuli golonganing para nabi ana siji kang tutur marang kancane marga saka dhawuhing Pangeran Yehuwah: “Aku penthungen!” Nanging kancane iku emoh menthung.

36 Iku nuli dikandhani: “Ing sarehne kowe ora ngestokake swaraning Sang Yehuwah, mulane sumurupa, salungamu saka ing ngarepku, kowe bakal katubruk ing singa.” Lan bareng wong mau lunga saka ing ngarepe, nuli kepethuk singa, kang banjur nubruk dheweke.

37 Nabi mau banjur nemoni wong liyane lan celathu: “Aku penthungen!” Tumuli iya dipenthung lan ditatoni.

38 Nabi mau tumuli lunga lan ngadeg nyegat Sang Prabu ana ing dalan, kalawan nyamur laku srana mripate dipreban.