37 Nabi mau banjur nemoni wong liyane lan celathu: “Aku penthungen!” Tumuli iya dipenthung lan ditatoni.
38 Nabi mau tumuli lunga lan ngadeg nyegat Sang Prabu ana ing dalan, kalawan nyamur laku srana mripate dipreban.
39 Nalika Sang Prabu langkung, nabi mau nglapurake prakarane marang Sang Prabu, unjuke: “Nalika abdi dalem punika majeng dhateng ing satengahing peperangan, dumadakan wonten tiyang satunggal ingkang nilar pabarisan kaliyan mbekta tiyang dhateng ing ngajeng kula kanthi wicanten: Wong iki jaganen, manawa wong iki nganti ilang, sanadyan kanthi patrap kapriye bae, nyawamu bakal kanggo ijole, utawa kowe kudu mbayar dhuwit satalenta selaka.
40 Nalika abdi dalem saweg ewed wonten ing ngrika-ngriki, tiyang punika ical.” Sang Prabu ing Israel nuli ngandika marang wong mau: “Iya mangkono iku paukumanira, sira dhewe kang wus netepake.”
41 Wong mau nuli enggal-enggal nguculi prebaning mripate, satemah Sang Nata ing Israel mirsa, manawa iku panunggalane para nabi.
42 Nabi iku tumuli munjuk: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ing sarehne sira wus ngeculake wong kang Suncadhongake supaya katumpes, mulane nyawanira bakal dadi gegentine nyawane, lan rakyatira bakal dadi gegentine rakyate.”
43 Sang Nata ing Israel nuli kondur marang ing kadhatone kalawan panggalih kang rengu lan duka, sarta banjur rawuh ing Samaria.