12 Sakehe para nabi iya padha meca mangkono, unjuke: “Kawula aturi nglurug dhateng ing Ramot-Gilead, paduka badhe angsal damel; Pangeran Yehuwah badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”
13 Utusan kang lunga nimbali Nabi Mikha mau matur marang panjenengane: “Kauningana, para nabi sampun sami saiyeg nglairaken pameca ingkang sae tumrap Sang Prabu, panjenengan mugi inggih mecaa ingkang sami kaliyan satunggal-satunggalipun para nabi wau mugi inggih mecaa ingkang sae.”
14 Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Demi Yehuwah kang gesang, apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku, yaiku kang bakal dakucapake.”
15 Bareng wus sowan ana ing ngarsane Sang Prabu, Sang Prabu ndangu: “Mikha, apa ingsun padha kena nglurug perang nglawan Ramot-Gilead, apa prayoga padha sunsandekake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak, panjenengan dalem badhe angsal damel, sabab Pangeran Yehuwah badhe masrahaken ing astanipun Sang Prabu.”
16 Nanging Sang Prabu ngandika marang panjenengane: “Nganti ping Pira ingsun ndhawuhi sumpah marang sira, supaya sira matur marang ingsun kang sanyatane bae demi asmaning Sang Yehuwah?”
17 Ing kono Nabi Mikha banjur munjuk: “Kawula sampun ningali tiyang Israel sadaya sami buyar pating slebar wonten ing redi-redi kados menda-menda ingkang boten wonten pangenipun, awit saking punika Pangeran Yehuwah ngandika: Iku ora padha duwe gusti; cikben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kanthi slamet.”
18 Sang Prabu ing Israel nuli ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula rak sampun matur dhumateng panjenengan: Piyambakipun punika boten nate memeca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan thok?”