17 Ing kono Nabi Mikha banjur munjuk: “Kawula sampun ningali tiyang Israel sadaya sami buyar pating slebar wonten ing redi-redi kados menda-menda ingkang boten wonten pangenipun, awit saking punika Pangeran Yehuwah ngandika: Iku ora padha duwe gusti; cikben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kanthi slamet.”
18 Sang Prabu ing Israel nuli ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula rak sampun matur dhumateng panjenengan: Piyambakipun punika boten nate memeca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan thok?”
19 Unjuke Nabi Mikha: “Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, kawula sumerep Pangeran Yehuwah saweg lenggah ing dhamparipun lan sadaya wadya-bala swarga sami ngadeg ing sacelakipun, ing sisih tengenipun saha ing sisih kiwanipun.
20 Punapa dene Sang Yehuwah ngandika: Sapa kang ngrimuk Akhab supaya maju perang, amrih tiwas ana ing Ramot-Gilead? Ingkang satunggal lajeng munjuk makaten, satunggalipun makaten.
21 Sasampunipun makaten lajeng wonten satunggaling roh ingkang majeng tuwin nunten ngadeg wonten ing ngarsaning Pangeran Yehuwah saha munjuk: Kawula ingkang badhe ngrimuk. Pangeran Yehuwah ndangu dhateng piyambakipun: Srana apa?
22 Unjukipun: Kawula badhe medal lan dados roh dora-cara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Iya, sira ngrerimuka, sira bakal oleh gawe. Metua lan nglakonana mangkono!
23 Margi saking punika, saestunipun Pangeran Yehuwah sampun ngajengaken roh dora-cara wonten ing cangkemipun nabi punika sadaya, awit Sang Yehuwah sampun netepaken badhe nandukaken bilai dhumateng panjenengan dalem.”