27 Mangkene dhawuhe Sang Prabu: Wong iki lebokna ing pakunjaran lan wenehana mangan roti lan ngombe banyu sarwa sathithik nganti ingsun kondur kanthi slamet.”
28 Nanging unjuke Nabi Mikha: “Manawi panjenengan dalem saestu kondur kanthi rahayu, Pangeran Yehuwah temtu boten ngandika lumantar kawula.” Banjur nglajengake pangandikane: “Rungokna, he bangsa-bangsa kabeh!”
29 Sawuse mangkono Sang Prabu ing Israel bebarengan karo Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, tindak nglurug menyang ing Ramot-Gilead.
30 Sang Nata ing Israel ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula badhe nyamur lampah lan majeng perang, dene panjenengan kula aturi mangagem busananing kaprabon panjenengan.” Sang Nata ing Israel nuli nyamur lampah lan majeng perang.
31 Anadene ratu ing nagara Aram wus paring dhawuh marang para panggedhening wadyane kretan, kang cacahe telung puluh loro, mangkene: “Sira aja padha perang nglawan sapa bae, kajaba mung nglawan marang ratu ing Israel bae.”
32 Bareng para panggedhening wadya kretan padha ndeleng Sang Prabu Yosafat, banjur padha alok: “Lah iku mesthi ratu ing Israel!” Mulane nuli padha ngangseg arep nempuh panjenengane, nanging Sang Prabu Yosafat banjur nguwuh-uwuh.
33 Bareng para panggedhening wadya kretan weruh, manawa iku dudu ratu ing Israel, tumuli padha mundur saka ing ngarsane.