32 Bareng para panggedhening wadya kretan padha ndeleng Sang Prabu Yosafat, banjur padha alok: “Lah iku mesthi ratu ing Israel!” Mulane nuli padha ngangseg arep nempuh panjenengane, nanging Sang Prabu Yosafat banjur nguwuh-uwuh.
33 Bareng para panggedhening wadya kretan weruh, manawa iku dudu ratu ing Israel, tumuli padha mundur saka ing ngarsane.
34 Nanging banjur ana wong kang menthang gendhewane lan nglepasake panahe tanpa tujuan kang gumathok; iku ngenani Sang Nata ing Israel ing antarane sambungane ageme kere. Sang Prabu nuli ngandika marang kusiring titihane kreta: “Mingera, ingsun gawanen metu saka ing paprangan, sabab ingsun wus ketaton.”
35 Nanging perang ing dina iku sangsaya rame, dene Sang Prabu tetep jumeneng jejeg ana ing kretane adhep-adhepan karo wadya-bala Aram, nganti sasedane ing wayah sore. Rahe mili saka ing tatune menyang ing dhasaring kreta.
36 Nalika watara wayah suruping srengenge, ing sauruting pabarisan keprungu alok-alok: “Padha bali menyang ing kuthane dhewe-dhewe, menyang ing nagarane dhewe-dhewe! Sang Prabu wus seda!”
37 Banjur padha mulih menyang ing Samaria lan nyarekake Sang Prabu ana ing Samaria.
38 Nalika kreta mau kakumbah ana ing sapinggiring tlaga Samaria, rahe Sang Prabu kadilatan ing asu; kala samana para wanita-tunasusila lagi padha adus ana ing kono, ngetrepi pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kalairake.